PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w25 Juni hlm. 14-19
  • Rendah Hati Ngakoni Nèk Ana Hal-Hal sing Awaké Dhéwé Ora Ngerti

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Rendah Hati Ngakoni Nèk Ana Hal-Hal sing Awaké Dhéwé Ora Ngerti
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • ORA NGERTI KAPAN DONYA IKI BAKAL DIAKHIRI
  • ORA NGERTI YÉHUWAH MBANTUNÉ PIYÉ
  • ORA NGERTI APA SING BAKAL DIALAMI
  • ORA ISA BENER-BENER PAHAM SEPIRA NGERTINÉ YÉHUWAH SOAL AWAKÉ DHÉWÉ
  • Nggawé Keputusan sing Mbuktèkké Nèk Ngendelké Yéhuwah
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2023
  • Terus Percaya Nèk Yéhuwah Kuwi ”Gusti Allah sing Urip”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
  • Carané Yéhuwah Ngadili Selama Sengsara Gedhé
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
  • Pelajaran saka Naséhat Terakhiré Wong-Wong Lanang sing Setya
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
Delok Kabèh
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
w25 Juni hlm. 14-19

ARTIKEL PELAJARAN 26

LAGU 123 Manut Arahané Yéhuwah

Rendah Hati Ngakoni Nèk Ana Hal-Hal sing Awaké Dhéwé Ora Ngerti

”Awaké dhéwé ora isa paham sak kabèhé soal Sing Mahakuwasa.”—AYB. 37:23.

INTI

Kanggo terus nglayani Yéhuwah, awaké dhéwé ora perlu ngerti sak kabèhé. Fokus waé karo sing dingertèni lan terus percaya karo Yéhuwah.

1. Wektu diciptakké, manungsa dikèki kemampuan apa lan tujuané apa?

WEKTU diciptakké, manungsa dikèki kemampuan sing luar biasa. Manungsa isa mikir, péngin ngerti hal-hal sing anyar, lan bertindak sesuai pengetahuané. Manungsa diciptakké kaya ngono tujuané bèn ”éntuk pengetahuan soal Gusti Allah” lan nglayani Dhèwèké ’nggunakké kabèh pikiran’.—WB. 2:​1-5; Rm. 12:1.

2. (a) Menurut Ayub 37:​23, 24, apa sing kudu awaké dhéwé sadhari? (Deloken gambar.) (b) Apa manfaaté ngakoni nèk ora ngerti sak kabèhé?

2 Meskipun nduwé kemampuan kanggo mempelajari akèh hal, isih ana akèh sing awaké dhéwé ora ngerti. (Wacanen Ayub 37:​23, 24.) Gatèkna contoné Ayub. Yéhuwah ngekèki akèh pertanyaan bèn Ayub sadhar nèk dhèwèké akèh ora ngertiné. Kuwi marakké Ayub dadi ngubah pikirané lan dadi rendah hati. (Ayb. 42:​3-6) Nèk rendah hati ngakoni ora ngerti sak kabèhé, awaké dhéwé mesthi bakal takon sik karo Yéhuwah. Terus ya yakin nèk Yéhuwah bakal ngandhani hal-hal sing bener-bener dibutuhké kanggo nggawé keputusan sing bener.—WB. 2:6.

Ana cahaya saka langit wektu Yéhuwah ngomong karo Ayub. Wektu kuwi, ing kono ana Èlihu lan telu kancané Ayub liyané.

Kaya Ayub, akèh manfaaté nèk rendah hati ngakoni ana hal-hal sing ora dingertèni (Deloken paragraf 2)


3. Apa sing bakal dibahas ing artikel iki?

3 Ing artikel iki bakal dibahas beberapa hal sing awaké dhéwé ora ngerti, tantangan sing mungkin kudu diadhepi merga ora ngerti, lan manfaaté nèk ora ngerti. Nèk mbahas kuwi, mengko bakal dadi semakin yakin nèk Yéhuwah, ”sing ngerti sak kabèhé”, mesthi bakal ngandhani hal-hal sing mémang perlu awaké dhéwé ngertèni.—Ayb. 37:16.

ORA NGERTI KAPAN DONYA IKI BAKAL DIAKHIRI

4. Menurut Matius 24:​36, apa sing awaké dhéwé ora ngerti?

4 Wacanen Matius 24:36. Awaké dhéwé ora ngerti kapan persisé donya iki bakal diakhiri. Bahkan pas ing bumi waé, Yésus ora ngerti kapan ”dina lan jamé”.a Yésus ngandhani para rasulé nèk Yéhuwah ”sing nduwé wewenang kanggo mutuské” kapan peristiwa-peristiwa tertentu bakal kelakon. (Kis. 1:​6, 7) Yéhuwah wis nentokké wektuné donya iki bakal diakhiri. Tapi soal kapan persisé kuwi kelakon, awaké dhéwé ora dikandhani.

5. Merga ora ngerti kapan akhir kuwi bakal teka, isa waé awaké dhéwé dadi piyé?

5 Merga ora ngerti kapan persisé dina lan jamé akhir kuwi, awaké dhéwé dadi ora ngerti sepira suwéné kudu ngentèni. Kuwi isa marakké dadi ora sabar utawa putus asa, apamanèh nèk nungguné wis suwé. Utawa, isa waé dadi cilik ati merga ana keluarga utawa wong liya sing ngécé merga akhir kuwi ora ndang teka-teka. (2 Ptr. 3:​3, 4) Terus ya isa waé mulai dadi mikir, ’Coba aku ngerti persisé dina lan tanggalé, aku mesthi dadi luwih sabar lan ora cilik ati meskipun diécé’.

6. Apa manfaaté merga ora ngerti kapan akhir kuwi teka?

6 Tapi sakjané, ana akèh manfaaté nèk ora ngerti kapan akhir kuwi bakal teka. Kuwi dadi kesempatan kanggo nduduhké nèk awaké dhéwé nglayani Yéhuwah merga sayang lan percaya karo Dhèwèké. Awaké dhéwé pénginé nglayani Yéhuwah kuwi nganti saklawasé, ora mung nganti akhir kuwi teka. Makané, timbang mung mikirké tekané ”dinané Yéhuwah”, luwih apik mikirké berkah-berkah sing bakal ditampa sakwisé dina kuwi. Hasilé, isa dadi semakin cedhak, percaya, lan berupaya nggawé Yéhuwah seneng.—2 Ptr. 3:​11, 12.

7. Apa waé sing awaké dhéwé ngerti?

7 Awaké dhéwé kudu fokus karo hal-hal sing wis dingertèni. Contoné, ing Alkitab, Yéhuwah wis ngekèki akèh ramalan sing mbuktèkké nèk dina-dina terakhir dimulainé taun 1914 lan ngekèki keterangan soal keadaané donya sakwisé taun kuwi. Makané, awaké dhéwé yakin nèk ”dinané Yéhuwah wis ora suwé manèh”. (Zéf. 1:14) Terus hal liyané sing dingertèni kuwi nèk Yéhuwah péngin awaké dhéwé martakké ”kabar apik soal Kerajaan” kanggo sak akèh-akèhé wong. (Mat. 24:14) Kenyataané, saiki kabar apik kuwi wis diwartakké ing kira-kira 240 negara ing luwih saka 1.000 basa. Dadi, bèn isa semangat martakké sakjané awaké dhéwé ora butuh ngerti ”dina lan jamé”.

ORA NGERTI YÉHUWAH MBANTUNÉ PIYÉ

8. Ana keterangan apa ing Pengkhotbah 11:5?

8 Menurut Pengkhotbah 11:5 (Wacanen.) awaké dhéwé ora selalu ngerti ”apa sing ditindakké Gusti Allah”. Bèn sing Dhèwèké karepké kelakon, Yéhuwah isa waé melakukan sesuatu utawa ngejarké sesuatu kelakon. Nah, apa sing Yéhuwah lakukan kuwi utawa ngapa kok Dhèwèké nganti melakukan kuwi, awaké dhéwé ora ngerti. (Mzm. 37:5) Kuwi kaya para ahli ora bener-bener isa memahami pertumbuhané bayi ing njero wetengé ibuné. Padha kaya ngono, awaké dhéwé ya ora isa bener-bener ngerti kabèh sing dilakukan Yéhuwah.

9. Merga ora ngerti persisé Yéhuwah mbantuné piyé, isa waé awaké dhéwé dadi piyé?

9 Merga ora ngerti persisé Yéhuwah mbantuné piyé, isa waé dadi ragu-ragu wektu arep nggawé keputusan. Misalé, wektu arep mutuské urip sederhana utawa pindhah ing dhaérah sing luwih mbutuhké, mungkin dadi ora yakin nèk kuwi keputusan sing bener. Utawa, wektu nduwé rencana kanggo nglayani luwih akèh tapi ora kelakon, wis rajin nginjil tapi tetep ora ana sing gelem belajar Alkitab, utawa wis mèlu ndhukung proyèk organisasi tapi malah ana akèh tantangan, mungkin dadi mikir nèk Yéhuwah ora mbantu.

10. Merga ora ngerti persisé Yéhuwah mbantuné piyé, awaké dhéwé dadi nduwé sifat-sifat apa?

10 Nah sakjané, merga ora ngerti persisé Yéhuwah mbantuné piyé kuwi isa bermanfaat. Kuwi isa marakké awaké dhéwé nduwé sifat-sifat, misalé rendah hati lan sadhar karo keterbatasan. Awaké dhéwé sadhar nèk sing ngerti sing paling apik kuwi ya mung Yéhuwah. (Yés. 55:​8, 9) Terus ya dadi belajar kanggo luwih percaya lan ngendelké Yéhuwah. Dadi wektu éntuk hasil sing apik pas nginjil utawa ndhukung proyèk organisasi, awaké dhéwé bakal muji Yéhuwah. (Mzm. 127:1; 1 Kor. 3:7) Tapi nèk hasilé ora kaya sing dikarepké, awaké dhéwé isa tetep ayem merga éling nèk Yéhuwah ngerti sak kabèhé. (Yés. 26:12) Makané, sing isa dilakukan ya dilakukan waé lan terus percaya nèk Yéhuwah mesthi bakal mbantu. Yéhuwah mesthi bakal ngekèki tuntunan meskipun carané ora liwat mukjijat kaya mbiyèn.—Kis. 16:​6-10.

11. Apa waé sing awaké dhéwé ngertèni?

11 Terusa pikirna hal-hal sing awaké dhéwé ngertèni. Misalé, Yéhuwah kuwi selalu sayang, adil, lan wicaksana. Apa waé sing awaké dhéwé upayakké kanggo Dhèwèké lan para sedulur mesthi dihargai Yéhuwah. Yéhuwah ya mesthi bakal mberkahi wong-wong sing setya karo Dhèwèké.—Ibr. 11:6.

ORA NGERTI APA SING BAKAL DIALAMI

12. Menurut Yakobus 4:​13, 14, apa sing awaké dhéwé ora ngerti?

12 Wacanen Yakobus 4:​13, 14. Faktané, awaké dhéwé ora ngerti apa sing bakal dialami. Menurut Pengkhotbah 9:​11, ana ”wektu lan kedadéan sing ora disangka-sangka”. Makané meskipun wis nggawé rencana, awaké dhéwé ora ngerti apa kuwi isa kelakon utawa apa awaké dhéwé isih urip kanggo melakukan rencana kuwi.

13. Merga ora ngerti apa sing bakal dialami, awaké dhéwé isa dadi piyé?

13 Merga ora ngerti apa sing bakal dialami, kuwi isa marakké awaké dhéwé dadi terlalu kuwatir karo sing durung kelakon lan akhiré dadi ora bahagia. Terus, nèk ngerti-ngerti ngadhepi masalah utawa musibah, isa waé dadi strès. Apamanèh nèk sing diharapké ora kelakon, kuwi isa marakké dadi kecéwa lan cilik ati.—WB. 13:12.

14. Isa bener-bener bahagia kuwi merga apa? (Deloken gambar.)

14 Tapi sakjané, bahkan meskipun kudu ngadhepi kesulitan, awaké dhéwé malah isa mbuktèkké nèk nglayani Yéhuwah merga sayang. Ing Alkitab ya ora tau disebutké nèk Yéhuwah bakal nglindhungi umaté saka kabèh masalah. Yéhuwah ya ora nentokké apa sing bakal dialami umaté. Yéhuwah ngerti nèk sing marakké umaté bener-bener bahagia kuwi dudu merga ngerti apa sing bakal dialami, tapi merga njaluk lan manut petunjuké Yéhuwah. (Yér. 10:23) Nèk selalu njaluk petunjuké Yéhuwah wektu arep nggawé keputusan, awaké dhéwé malah dadi ora terlalu kuwatir karo apa sing bakal kelakon. Kuwi seolah-olah kaya ngomong, ”Nèk kuwi sing dikarepké Yéhuwah, aku bakal urip lan nindakké iki utawa kuwi.”—Yak. 4:15.

Gambar: 1. Bapak karo anaké lanang nyiapké tas darurat. Meréka nglebokké Alkitab karo barang-barang kebutuhan darurat liyané. 2. Bapak, ibu, karo anaké lanang ngéyub ing téndha pas udan. Pas keadaan darurat, barang-barang sing wis disiapké ing tas darurat mau terbukti bermanfaat.

Nèk nggolèk lan manut tuntunané Yéhuwah, mesthi ana akèh manfaaté (Deloken paragraf 14-15)b


15. Apa waé sing awaké dhéwé ngerti soal masa depan?

15 Meskipun ora ngerti apa sing bakal dialami sésuk, awaké dhéwé ngerti nèk Yéhuwah wis njanjèkké urip saklawasé, ing swarga utawa ing bumi. Awaké dhéwé ya ngerti nèk Yéhuwah ora isa ngapusi lan ora ana sing isa ngalang-alangi Dhèwèké kanggo nepati janjiné. (Tit. 1:2) Mung Dhèwèké sing isa ’ngandhani apa sing bakal kelakon lan kèt mbiyèn ngandhani apa sing durung kelakon’. Kaya janjiné ing jaman mbiyèn wis dadi kenyataan, janjiné ing masa depan ya mesthi bakal dadi kenyataan. (Yés. 46:10) Ora ana sing isa ngalang-alangi Yéhuwah kanggo sayang karo awaké dhéwé. (Rm. 8:​35-39) Yéhuwah mesthi bakal ngekèki kawicaksanan, penghiburan, lan kekuwatan kanggo ngadhepi apa waé. Yakina nèk Yéhuwah mesthi bakal nulungi lan mberkahi.—Yér. 17:​7, 8.

ORA ISA BENER-BENER PAHAM SEPIRA NGERTINÉ YÉHUWAH SOAL AWAKÉ DHÉWÉ

16. Kaya sing disebutké Mazmur 139:​1-6, sepira ngertiné Yéhuwah soal awaké dhéwé, lan kuwi marakké njenengan dadi ngrasa piyé?

16 Wacanen Mazmur 139:​1-6. Yéhuwah ngerti banget kabèh soal awaké dhéwé. Dhèwèké ngerti ngapa kok awaké dhéwé nduwé pikiran utawa perasaan tertentu. Dhèwèké ya ngerti omongan lan isi atiné awaké dhéwé. Dhèwèké ngerti kabèh sing awaké dhéwé lakukan lan alesané melakukan kuwi. Raja Daud ngomong nèk Yéhuwah kuwi kaya penjaga sing selalu ngawasi lan ora adoh-adoh. Nah, bar ngerti nèk Yéhuwah, sing Mahakuwasa lan sing nyiptakké sak kabèhé, bener-bener nggatekké, mungkin njenengan dadi ngrasa kaya Daud sing ngomong, ”[Yéhuwah] ngerti banget soal aku. Pikiranku ora nyandhak tekan semono”.—Mzm. 139:6.

17. Apa waé sing mungkin marakké dadi ora percaya nèk Yéhuwah bener-bener nggatekké?

17 Tapi isa waé ora gampang kanggo percaya nèk Yéhuwah bener-bener nggatekké. Mungkin kuwi merga latar belakang keluarga, budaya, utawa agamané mbiyèn. Sakliyané kuwi, mungkin merga ngrasa nèk kesalahané mbiyèn parah banget, saiki dadi ngira nèk Yéhuwah ngedoh. Bahkan Daud kadhang-kadhang ya ngrasa kaya ngono. (Mzm. 38:​18, 21) Utawa, wong sing mauné tingkah lakuné ora nggenah tapi saiki berjuang kanggo manut pathokané Yéhuwah mungkin mikir, ’Nèk Yéhuwah bener-bener memahami aku, ngapa kok ndadak ngongkon aku berubah, ora nampa aku waé apa anané?’

18. Apa manfaaté nèk yakin Yéhuwah luwih ngerti soal awaké dhéwé? (Deloken gambar.)

18 Awaké dhéwé kudu ngupaya bèn yakin nèk Yéhuwah luwih ngerti lan isa ndelok sifat-sifat apiké awaké dhéwé, bahkan sing mungkin ora disadhari. Yéhuwah ngerti awaké dhéwé péngin melakukan sing bener meskipun nduwé kelemahan, makané Dhèwèké tetep menyayangi. (Rm. 7:15) Yéhuwah percaya awaké dhéwé isa melakukan sing bener. Nèk yakin soal kuwi, mengko isa semakin disemangati kanggo terus setya lan bahagia nglayani.

Gambar: 1. Sedulur lanang sing ora semangat lagi ndelok jendhéla. Ing njaba wis peteng lan lagi udan. 2. Ing donya anyar, sedulur kuwi mlaku-mlaku karo kancané karo ndelok pemandangan sing indah.

Ora soal masalah sing diadhepi saiki, nèk terus yakin karo janji ing masa depan, awaké dhéwé bakal terus setya nglayani Yéhuwah (Deloken paragraf 18-19)c


19. Awaké dhéwé babar blas ora ragu soal apa waé?

19 Awaké dhéwé babar blas ora ragu nèk ”[Yéhuwah] kuwi katresnan”. (1 Yoh. 4:8) Nèk Dhèwèké mréntahké sesuatu kuwi mesthi merga sayang lan péngin sing paling apik kanggo awaké dhéwé. Yéhuwah péngin awaké dhéwé urip saklawasé, makané ngekèki tebusan. Tebusan kuwi sakjané bukti nèk awaké dhéwé isa nggawé Yéhuwah seneng meskipun isih durung sempurna. (Rm. 7:​24, 25) Terus menurut Alkitab, ”Gusti Allah luwih unggul timbang atiné awaké dhéwé, lan Dhèwèké ngerti kabèh.” (1 Yoh. 3:​19, 20) Yéhuwah ngerti sak kabèhé soal awaké dhéwé lan yakin awaké dhéwé mesthi isa melakukan sing Dhèwèké karepké.

20. Bèn ora terlalu kuwatir karo apa sing ora dingertèni, awaké dhéwé kudu piyé?

20 Élinga, nèk mémang awaké dhéwé kudu ngerti, Yéhuwah mesthi bakal ngandhani. Dadi ora perlu terlalu kuwatir karo apa sing ora dingertèni. Fokus waé karo apa sing luwih penting. Sakjané, kuwi bukti nèk awaké dhéwé rendah hati lan bener-bener percaya karo Yéhuwah ”sing ngerti sak kabèhé”. (Ayb. 36:4) Mémang, saiki ana hal-hal sing ora dingertèni, tapi sukmbèn Yéhuwah bakal ngandhani akèh hal anyar termasuk soal Dhèwèké, lan kuwi isa dipelajari nganti saklawasé.—Pkh. 3:11.

APA JAWABANÉ?

  • Apa manfaaté merga ora ngerti kapan akhir kuwi teka?

  • Ngapa kok isa tetep bahagia meskipun ora ngerti apa sing bakal dialami?

  • Apa manfaaté nèk yakin Yéhuwah ngerti banget soal awaké dhéwé?

LAGU 104 Oh Huwah, Aku Njaluk Roh Suci-Mu

a Kemungkinan, Yésus saiki wis ngerti tanggalé Armagédon. Soalé, mengko sing mimpin perang nglawan wong-wong sing ndhukung Sétan lan ”ngalahké mungsuh-mungsuhé” kuwi Yésus.—Why. 6:2; 19:​11-16.

b PENJELASAN GAMBAR: Bapak karo anaké lanang nyiapké tas darurat bèn siap nèk ana keadaan darurat.

c PENJELASAN GAMBAR: Sedulur lanang sing lagi ngadhepi akèh masalah, ngarep-arep berkah-berkah ing donya anyar.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim