ARTIKEL PELAJARAN 25
LAGU 96 Kitab Suci Harta saka Yéhuwah
Sing Isa Dipelajari saka Ramalané Yakub Sakdurungé Mati—Bagian 2
”Dhèwèké mènèhi anak-anaké berkahé dhéwé-dhéwé.”—PD. 49:28.
INTI
Sing isa dipelajari saka kata-kata terakhiré Yakub kanggo Zébulon, Isakhar, Dan, Gad, Asyèr, Naftali, Yusuf, lan Bènyamin.
1. Apa sing bakal dibahas ing artikel iki?
KAYA sing wis dibahas ing artikel sakdurungé, wektu arep mati, Yakub nglumpukké anak-anaké lanang merga péngin nyampèkké beberapa hal sing penting. Bar krungu apa sing disampèkké Yakub kanggo Rubèn, Siméon, Lèwi, lan Yéhuda, mungkin meréka ya dadi péngin ngerti apa sing arep diomongké Yakub kanggo wolu anak liyané. Nah, ing artikel iki bakal dibahas omongané Yakub kanggo Zébulon, Isakhar, Dan, Gad, Asyèr, Naftali, Yusuf, lan Bènyamin.a
ZÉBULON
2. Apa ramalané Yakub kanggo Zébulon, lan ramalan kuwi kelakoné piyé? (Purwaning Dumadi 49:13) (Deloken kothak.)
2 Wacanen Purwaning Dumadi 49:13. Yakub ngramalké nèk keturunané Zébulon bakal manggon ing pinggir laut, ing bagian lor Tanah Perjanjian. Luwih saka 200 taun bar kuwi, suku Zébulon nampa tanah warisan ing antarané Laut Khinèrèt (Laut Galiléa) lan Laut Besar (Laut Tengah). Mémang, tanahé ora persis ing pinggir laut kaya sing dijanjèkké. Tapi meréka isa tetep bersyukur merga lokasiné ing antarané laut loro, dadiné luwih strategis kanggo jalur perdagangan. Mungkin kuwi maksudé ramalané Musa, ”Zébulon, kowé kudu seneng wektu kowé lunga dagang.”—PT. 33:18.
3. Piyé bèn isa ngrasa puas?
3 Pelajarané. Ora soal manggon ing endi utawa keadaané piyé, awaké dhéwé isa selalu bahagia nèk ngrasa puas karo apa sing wis diduwèni. (Mzm. 16:6; 24:5) Nèk luwih mikirké apa sing ora diduwèni, kuwi marakké dadi ngrasa ora puas. Mulané, kudu ngupaya fokus waé karo apa sing wis diduwèni lan dinikmati saiki.—Gal. 6:4.
ISAKHAR
4. Apa ramalané Yakub kanggo Isakhar, lan piyé ramalan kuwi kelakon? (Purwaning Dumadi 49:14, 15) (Deloken kothak.)
4 Wacanen Purwaning Dumadi 49:14, 15. Yakub muji Isakhar merga Isakhar seneng kerja keras. Yakub ngomong nèk Isakhar kuwi kaya keledai sing balungé kuwat sing isa nggawa beban abot. Yakub ya ngramalké nèk Isakhar bakal nampa tanah warisan sing apik. Kenyataané, suku Isakhar éntuk dhaérah sing subur ing pinggir Kali Yordan. (Yos. 19:22) Meréka mesthi gelem kerja keras kanggo nggarap tanahé. Tapi, meréka ya gelem kerja keras nulungi suku-suku liyané. (1 Raj. 4:7, 17) Wektu suku-suku liyané kudu perang nglawan mungsuh, suku Isakhar ya seneng nulungi. Misalé, pas jamané Hakim Barak lan nabi wédok Débora.—PH. 5:15
5. Piyé carané niru suku Isakhar, lan ngapa?
5 Pelajarané. Kerja kerasé awaké dhéwé kanggo nglayani Yéhuwah mesthi bakal dihargai Yéhuwah, kaya Yéhuwah menghargai kerja kerasé suku Isakhar. (Pkh. 2:24) Misalé, para sedulur lanang sing kerja keras ngurus jemaat. (1 Tim. 3:1) Meréka berupaya nglindhungi para sedulur saka hal-hal sing isa marakké hubungané dadi ora akrab manèh karo Yéhuwah. (1 Kor. 5:1, 5; Yud. 17-23) Meréka ya kerja keras kanggo nyiapké lan nyampèkké ceramah-ceramah sing isa nyemangati para sedulur.—1 Tim. 5:17.
DAN
6. Suku Dan éntuk tugas apa? (Purwaning Dumadi 49:17, 18) (Deloken kothak.)
6 Wacanen Purwaning Dumadi 49:17, 18. Yakub madhakké Dan kaya ula sing nyokot kéwan sing luwih gedhé, misalé jaran sing dienggo perang. Kenyataané, suku Dan terbukti kendel lan selalu siap nglawan mungsuh-mungsuhé bangsa Israèl. Selama perjalanan arep ing Tanah Perjanjian, suku Dan éntuk tugas ”dadi pasukan mburi dhéwé” kanggo nglindhungi suku-suku liyané. (Wi. 10:25) Kuwi tugas sing penting banget meskipun sing dilakukan suku Dan ora didelok suku-suku liyané.
7. Soal tugas-tugas saka organisasi, apa sing kudu diéling-éling?
7 Pelajarané. Élinga, kabèh sing awaké dhéwé lakukan kanggo nglayani Yéhuwah kuwi mesthi digatèkké lan dihargai Yéhuwah. Yéhuwah seneng nèk awaké dhéwé melakukan kuwi dudu merga péngin dipuji wong liya, tapi merga péngin mbuktèkké nèk sayang Yéhuwah. (Mat. 6:1-4) Nèk nduwé pandhangan kaya ngono, awaké dhéwé bakal gelem nampa tugas apa waé saka organisasi bahkan meskipun ora didelok wong liya. Misalé, ngresiki lan ngrawat Balai Ibadah, dadi rélawan ing pertemuan wilayah utawa gabungan wilayah, utawa tugas-tugas liyané.
GAD
8. Apa sing marakké suku Gad gampang diserang mungsuh? (Purwaning Dumadi 49:19) (Deloken kothak.)
8 Wacanen Purwaning Dumadi 49:19. Yakub ngramalké, ”Gad bakal diserang grombolan perampok.” Luwih saka 200 taun bar kuwi, suku Gad nampa tanah warisan ing sebelah wétané Kali Yordan. Dhaérah kuwi sebelahan karo dhaérah-dhaérahé mungsuh, makané meréka gampang diserang. Tapi, meréka tetep gelem manggon ing kono soalé dhaérah kuwi cocog kanggo ngingu ternak. (Wi. 32:1, 5) Kuwi bukti nèk suku Gad bener-bener kendel. Meréka ya percaya nèk Yéhuwah bakal mbantu bèn tanah warisané ora direbut mungsuh. Bahkan, wektu suku-suku liyané perang kanggo ngrebut Tanah Perjanjian sing ing sebelah kuloné Kali Yordan, suku Gad ya gelem mbantu. (Wi. 32:16-19) Meréka yakin nèk selama meréka mbantu suku-suku liyané, Yéhuwah sing bakal nglindhungi anak bojoné. Kenyataané, Yéhuwah mémang mberkahi merga meréka kendel lan seneng nulungi liyané.—Yos. 22:1-4.
9. Nèk percaya karo Yéhuwah, awaké dhéwé bakal ngapa?
9 Pelajarané. Nèk percaya karo Yéhuwah, awaké dhéwé bakal terus nglayani Yéhuwah meskipun ngadhepi kesulitan. (Mzm. 37:3) Misalé, saiki ana akèh sedulur sing nggawé pengorbanan kanggo mèlu ndhukung proyèk pembangunan ing organisasi, nglayani ing dhaérah sing butuh luwih akèh penginjil, lan melakukan tugas-tugas liyané. Meréka réla melakukan kuwi merga yakin nèk Yéhuwah bakal selalu ngopèni meréka.—Mzm. 23:1.
ASYÈR
10. Hal-hal apa sing ora dilakukan suku Asyèr? (Purwaning Dumadi 49:20) (Deloken kothak.)
10 Wacanen Purwaning Dumadi 49:20. Yakub ngramalké nèk suku Asyèr bakal dadi makmur. Ramalan kuwi kelakon tenan. Suku Asyèr nampa tanah warisan sing termasuk beberapa tanah paling subur ing Israèl. (PT. 33:24) Tanahé kuwi ana ing pinggiré Laut Besar. Dhaérahé termasuk pelabuhan Sidon, sing wektu kuwi dadi pusat perdagangan. Tapi, suku Asyèr ora ngusir wong Kanaan sing ana ing tanah kuwi. (PH. 1:31, 32) Merga ngutamakké kekayaané lan kena pengaruh èlèk saka wong Kanaan, kétoké suku Asyèr mulai ora semangat nglayani Yéhuwah. Misalé, wektu Hakim Barak njaluk rélawan kanggo nglawan Kanaan, suku Asyèr ora gelem ngéwangi. Akibaté, meréka ora ndelok peristiwa wektu Yéhuwah nggawé mukjijat kanggo nggawé bangsa Israèl menang ing ”cedhak mata air Mégido”. (PH. 5:19-21) Meréka mungkin ya dadi isin wektu krungu Barak lan Débora nyanyi, ”Suku Asyèr mung lungguh-lungguh ing pinggir laut.”—PH. 5:17.
11. Ngapa kok aja nganti niru pandhangané wong-wong ing donya soal dhuwit lan harta?
11 Pelajarané. Bèn isa ngekèki sing paling apik kanggo Yéhuwah, aja nganti niru pandhangané wong-wong ing donya soal dhuwit lan harta. (WB. 18:11) Mémang awaké dhéwé butuh dhuwit, tapi aja nganti kuwi dadi luwih penting timbang nglayani Yéhuwah. (Pkh. 7:12; Ibr. 13:5) Timbang terus nggolèk dhuwit bèn isa nduwèni hal-hal sing sakjané ora terlalu dibutuhké, luwih apik wektu lan tenagané dienggo nglayani Yéhuwah. Awaké dhéwé kudu yakin nèk urip sing bener-bener pénak kuwi isa dinikmati sukmbèn.—Mzm. 4:8.
NAFTALI
12. Kétoké, ramalané Yakub soal Naftali kuwi kelakoné piyé? (Purwaning Dumadi 49:21) (Deloken kothak.)
12 Wacanen Purwaning Dumadi 49:21. Yakub ngramalké nèk Naftali bakal ngomongké ”kata-kata sing nyenengké”. Kétoké sing dimaksud kuwi carané Yésus mulang. Selama ing bumi, Yésus kerep manggon ing dhaérahé suku Naftali, yaiku kutha Kapernaum. Malah, Yésus nganti nganggep Kapernaum kuwi ”kuthané dhéwé”. (Mat. 4:13; 9:1; Yoh. 7:46) Yésaya ya tau ngramalké nèk wong Zébulon lan Naftali bakal ndelok ”cahaya sing padhang”. (Yés. 9:1, 2) Kenyataané liwat ajarané, Yésus terbukti dadi ”cahaya sing sejati sing madhangi kabèh wong”.—Yoh. 1:9.
13. Piyé bèn omongané awaké dhéwé isa nggawé Yéhuwah seneng?
13 Pelajarané. Omongan lan carané awaké dhéwé ngomong kuwi digatèkké Yéhuwah. Nah, bèn omongané awaké dhéwé isa nggawé Yéhuwah seneng kudu piyé? Kudu selalu jujur. (Mzm. 15:1, 2) Terus ya kudu seneng muji lan ora seneng ngèlèk-èlèk utawa ngeluh, bèn isa nguwatké wong liya. (Éf. 4:29) Sakliyané kuwi, kudu berupaya luwih trampil mulai omong-omongan bèn isa ngekèki kesaksian.
YUSUF
14. Piyé ramalan soal Yusuf kelakon tenan? (Purwaning Dumadi 49:22, 26) (Deloken kothak.)
14 Wacanen Purwaning Dumadi 49:22, 26. Yusuf kuwi anak pertamané Yakub saka bojoné sing disayang, yaiku Rakhèl. Yakub mesthi bangga banget karo Yusuf, soalé Yusuf kuwi ”sing dipilih [Yéhuwah] saka antarané kakang adhiné”. Yakub ya nyebut Yusuf ”cabang saka wit sing buahé akèh”. Wité kuwi Yakub, terus Yusuf kuwi cabangé. Yakub ngramalké nèk sing bakal nampa warisan ping loro luwih akèh kuwi Yusuf, dudu Rubèn anaké sing pertama saka Léa. (PD. 48:5, 6; 1 Bb. 5:1, 2) Nah, ramalan kuwi kelakon tenan. Soalé loro anaké Yusuf, yaiku Éfraim lan Manasyé, akhiré dadi loro suku ing Israèl lan masing-masing nampa tanah warisan.—PD. 49:25; Yos. 14:4.
15. Wektu diperlakukan ora adil, Yusuf piyé?
15 Yakub ngomong nèk ’para pemanah sengit karo Yusuf lan manah dhèwèké’. (PD. 49:23) Tapi, Yakub ya ngomong nèk ”[Yusuf] tetep kuwat nyekel busuré, lan tangané kuwat lan cekatan”. (PD. 49:24) Maksudé apa? Mbiyèn merga iri, kakang-kakangé Yusuf padha jahat lan marakké Yusuf menderita. Tapi, meskipun diperlakukan ora adil, Yusuf ora sengit karo meréka utawa dadi nyalahké Yéhuwah. Selama ngadhepi kesulitan, Yusuf terus ngendelké Yéhuwah. Yusuf ya ora mung gelem ngampuni, tapi ya bahkan tetep apikan karo sedulur-seduluré. (PD. 47:11, 12) Merga ngadhepi kesulitan, Yusuf malah dadi nduwé sifat-sifat sing luwih apik. (Mzm. 105:17-19) Hasilé, Yusuf isa digunakké Yéhuwah kanggo melakukan akèh hal sing luar biasa.
16. Wektu ngadhepi kesulitan, apa sing isa ditiru saka Yusuf?
16 Pelajarané. Wektu ngadhepi kesulitan, aja nganti dadi ngedoh saka Yéhuwah utawa sedulur-sedulur seiman. Élinga nèk kuwi kesempatan awaké dhéwé dilatih Yéhuwah. (Ibr. 12:7, cathetan ngisor) Pelatihan kuwi isa marakké awaké dhéwé nduwé sifat-sifat sing apik, contoné gampang mesakké lan seneng ngampuni. (Ibr. 12:11) Nèk terus setya meskipun ngadhepi kesulitan, kaya Yusuf, awaké dhéwé ya bakal diberkahi Yéhuwah.
BÈNYAMIN
17. Piyé ramalané Yakub soal Bènyamin kelakon? (Purwaning Dumadi 49:27) (Deloken kothak.)
17 Wacanen Purwaning Dumadi 49:27. Yakub ngramalké nèk suku Bènyamin bakal dadi pejuang sing hébat kaya serigala. (PH. 20:15, 16; 1 Bb. 12:2) Ramalan kuwi kelakoné piyé? Raja pertamané Israèl, yaiku Saul, kuwi asalé saka suku Bènyamin. Saul terbukti dadi pejuang sing kendel nglawan wong Filistin. (1 Sam. 9:15-17, 21) Terus bertaun-taun bar kuwi, wektu bangsa Israèl arep dipatèni karo raja Pèrsia, Ratu Èster karo Mordekai nylametké bangsa Israèl. Èster karo Mordekai kuwi asalé saka suku Bènyamin.—Èst. 2:5-7; 8:3; 10:3.
18. Nèk niru suku Bènyamin, awaké dhéwé bakal piyé?
18 Pelajarané. Suku Bènyamin mesthi bangga wektu Saul dadi raja. Tapi, wektu Yéhuwah milih Daud saka suku Yéhuda kanggo dadi raja berikuté, suku Bènyamin ya gelem ndhukung Daud. (2 Sam. 3:17-19) Bahkan puluhan taun bar kuwi, wektu suku-suku liyané mbrontak nglawan suku Yéhuda, suku Bènyamin tetep setya karo suku Yéhuda lan raja sing dipilih Yéhuwah. (1 Raj. 11:31, 32; 12:19, 21) Nèk terus ndhukung wong-wong sing Yéhuwah pilih kanggo mimpin umaté saiki, kuwi bukti nèk awaké dhéwé tetep setya karo Yéhuwah.—1 Tés. 5:12.
19. Apa manfaaté mempelajari kata-kata terakhiré Yakub?
19 Kata-kata terakhiré Yakub kuwi akèh manfaaté. Nèk mempelajari piyé ramalan-ramalan kuwi kelakon tenan, mengko isa dadi semakin yakin nèk ramalan-ramalan liyané ing Alkitab ya mesthi bakal dadi kenyataan. Terus, awaké dhéwé ya dadi ngerti piyé bèn isa nggawé Yéhuwah seneng.
LAGU 128 Setya Nganti Akhir
a Kanggo papat anaké sing pertama, Yakub ngandhaniné sesuai urutan lairé, tapi kanggo wolu anak liyané ora.