ARTIKEL PELAJARAN 28
LAGU 88 Ajari Aku Préntah-Mu
Cara sing Bener Wektu Nggolèk Naséhat
”Wong sing nggolèk naséhat kuwi wicaksana.”—WB. 13:10.
INTI
Carané bèn naséhat sing ditampa isa bener-bener bermanfaat.
1. Piyé bèn isa berhasil wektu nggawé rencana utawa mutuské sesuatu? (Wulang Bebasan 13:10; 15:22)
WEKTU arep nggawé rencana utawa arep mutuské sesuatu, pénginé mesthi kuwi berhasil. Nah bèn isa berhasil, menurut Alkitab, awaké dhéwé kudu nggolèk naséhat.—Wacanen Wulang Bebasan 13:10; 15:22.
2. Yéhuwah janji apa?
2 Sing isa ngekèki kawicaksanan lan naséhat sing paling apik kuwi Yéhuwah. Yéhuwah janji, ”Aku bakal nggatèkké kowé lan mènèhi kowé naséhat.” (Mzm. 32:8) Kuwi berarti Yéhuwah ora mung bakal ngekèki naséhat sing pas, tapi ya mbantu bèn awaké dhéwé isa ngetrapké kuwi.
3. Apa sing bakal dibahas ing artikel iki?
3 Ing artikel iki bakal dibahas: Menurut Alkitab, (1) bèn naséhat sing ditampa isa bener-bener bermanfaat, kudu nduwé sifat apa? (2) Sapa sing isa dijaluki naséhat? (3) Apa buktiné nèk bener-bener péngin dinaséhati? (4) Ngapa kok ora éntuk njaluk digawèkké keputusan karo wong liya?
KUDU NDUWÉ SIFAT APA?
4. Bèn naséhat sing ditampa isa bener-bener bermanfaat, kudu nduwé sifat apa?
4 Bèn naséhat sing ditampa isa bener-bener bermanfaat, kudu nduwé sifat rendah hati. Kuwi berarti kudu ngakoni nèk ora ngerti sak kabèhé, apamanèh nèk durung tau ngalami dhéwé, makané butuh naséhaté wong liya. Nèk ora rendah hati, Yéhuwah ora isa nulungi. Akibaté, naséhat apa waé sing Dhèwèké kèkké ing Alkitab bakal seolah-olah mung kaya mlebu ing kuping tengen lan metu ing kuping kiwa. (Mi. 6:8; 1 Ptr. 5:5) Tapi nèk rendah hati, naséhaté Yéhuwah ing Alkitab mesthi bakal dirungokké lan ditrapké.
5. Hal-hal apa waé sing sakjané isa marakké Raja Daud dadi sombong?
5 Gatèkna contoné Raja Daud. Sakjané ana akèh hal sing isa waé marakké dhèwèké dadi sombong. Misalé, sakdurungé dadi raja, Daud kuwi terkenal pinter main musik. Malah, dhèwèké tau dikon main musik ing ngarepé raja. (1 Sam. 16:18, 19) Bar dilantik dadi raja, dhèwèké dikèki Yéhuwah akèh roh suci. (1 Sam. 16:11-13) Dhèwèké dipuji-puji merga isa matèni mungsuh-mungsuhé bangsa Israèl, termasuk raksasa saka Filistin sing jenengé Goliat. (1 Sam. 17:37, 50; 18:7) Merga isa melakukan hal-hal kuwi, sakjané isa waé Daud dadi ngrasa ora butuh naséhaté wong liya. Tapi, Daud ora kaya ngono.
6. Apa buktiné Daud seneng ngrungokké naséhat? (Deloken gambar.)
6 Sakwisé dadi raja, Daud bergaulé karo wong-wong sing seneng ngekèki dhèwèké naséhat. (1 Bb. 27:32-34) Bahkan sakdurungé dadi raja waé, Daud terbukti selalu gelem ngrungokké naséhaté wong liya bahkan saka wong wédok, misalé Abigail. Bojoné Abigail sing jenengé Nabal kuwi wongé ora seneng ngajèni, ora nduwé maturnuwun, lan sombong. Ora kaya Nabal, Daud kuwi rendah hati lan gelem ngrungokké naséhaté Abigail, lan akhiré dhèwèké ora sida melakukan kesalahan sing gedhé.—1 Sam. 25:2, 3, 21-25, 32-34.
Raja Daud rendah hati gelem ngrungokké lan manut naséhaté Abigail (Deloken paragraf 6)
7. Apa waé sing isa dipelajari saka contoné Daud? (Pengkhotbah 4:13) (Deloken gambar.)
7 Apa sing isa dipelajari saka Daud? Meskipun pinter, berpengalaman, lan nduwé wewenang, aja ngrasa nèk ngerti sak kabèhé lan ora butuh dinaséhati. Kaya Daud, kudu gelem ngrungokké naséhat ora soal sapa sing ngekèki. (Wacanen Pengkhotbah 4:13.) Hasilé, mengko isa terlindungi bèn ora nganti nggawé kesalahan gedhé sing isa nyusahké diri sendiri utawa wong liya.
Kudu gelem ngrungokké naséhat ora soal sapa sing ngekèki (Deloken paragraf 7)c
SAPA SING ISA DIJALUKI NASÉHAT?
8. Ngapa kok Yonatan sing paling cocog kanggo ngekèki Daud naséhat?
8 Ana manèh sing isa dipelajari saka contoné Daud. Dhèwèké njaluk naséhat ora mung saka wong sing akrab karo Yéhuwah tapi ya sing bener-bener paham karo situasi sing diadhepi. Misalé, wektu péngin ngerti Saul isih nesu apa ora, Daud njaluk naséhat saka Yonatan, anaké Saul. Yonatan sing paling cocog ngekèki naséhat soalé ora mung merga dhèwèké akrab karo Yéhuwah, tapi ya ngerti tenan Saul kuwi piyé. (1 Sam. 20:9-13) Apa pelajarané?
9. Sapa sing isa dijaluki naséhat? Kèkana conto. (Wulang Bebasan 13:20)
9 Golèka naséhat saka wong sing akrab karo Yéhuwah lan bener-bener paham situasi sing lagi diadhepi.a (Wacanen Wulang Bebasan 13:20.) Misalé, sedulur lanang sing lagi nggolèk pasangan hidup. Mémang nèk takoné karo wong sing durung nikah lan dikèki naséhat sing berdasarkan Alkitab, isa waé dhèwèké éntuk naséhat sing apik. Tapi nèk njaluk naséhaté saka pasangan suami istri sing wis nikah beberapa waktu, kenal banget karo dhèwèké, lan rohaniné apik, dhèwèké bakal éntuk naséhat sing luwih spésifik lan isa langsung ditrapké.
10. Apa sing saiki arep dibahas?
10 Mau wis dibahas kudu nduwé sifat apa lan sapa sing isa dijaluki naséhat. Saiki, ayo mbahas piyé mbuktèkké nèk bener-bener péngin dinaséhati lan ngapa kok aja njaluk digawèkké keputusan karo wong liya.
BUKTINÉ NÈK BENER-BENER PÉNGIN DINASÉHATI
11-12. (a) Wektu nggolèk naséhat, aja nganti piyé? (b) Wektu arep nggawé keputusan sing penting, apa sing dilakukan Raja Réhoboam?
11 Kadhang, ana wong sing kétoké nggolèk naséhat tapi sakjané wis nggawé keputusan. Dhèwèké takon-takon kuwi mung bèn keputusané didhukung. Nah sakjané, wong kaya ngono kuwi ora bener-bener nggolèk naséhat. Ayo nggatèkké contoné Raja Réhoboam.
12 Réhoboam dadi raja Israèl nggantèni Salomo bapaké. Sakjané wektu kuwi rakyaté wis makmur, tapi meréka ngrasa nèk beban saka Salomo terlalu abot. Terus, meréka njaluk keringanan karo Réhoboam. Sakdurungé nggawé keputusan, Réhoboam nggolèk naséhat sik. Awalé apik, soalé dhèwèké njaluk naséhat karo para tuwa-tuwa sing dadi penaséhaté Raja Salomo mbiyèn. (1 Raj. 12:2-7) Tapi dhèwèké ora seneng karo naséhaté para tuwa-tuwa kuwi. Lha ngapa? Kemungkinan, dhèwèké sakjané wis nggawé keputusan sik. Dhèwèké takon kuwi mung merga péngin éntuk dhukungan. Nah bar kuwi, dhèwèké takon karo kanca-kancané sing sak umuran, lan dhèwèké luwih seneng karo naséhaté meréka, soalé cocog karo karepé. (1 Raj. 12:8-14) Réhoboam akhiré nggawé keputusan berdasarkan naséhaté kanca-kancané kuwi. Akibaté, wong Israèl padha mbrontak lan milih raja liya. Sejak saat kuwi, Réhoboam terus ngadhepi akèh masalah.—1 Raj. 12:16-19.
13. Bèn ngerti apa mémang bener-bener péngin dinaséhati, pertanyaan apa sing isa dipikirké?
13 Apa sing isa dipelajari saka contoné Réhoboam? Wektu njaluk naséhat, kudu mbuktèkké nèk bener-bener péngin dinaséhati. Carané piyé? Pikirna, ’Nèk naséhat sing tak tampa kuwi ora cocog karo karepku, piyé tanggepanku? Tak rungokké apa tak tolak?’
14. Wektu dikèki naséhat, apa sing kudu diéling-éling? Kèkana conto. (Deloken gambar.)
14 Gatèkna conto iki: Ana sedulur lanang éntuk tawaran gawéan sing gajiné gedhé. Sakdurungé nggawé keputusan, dhèwèké njaluk naséhat saka pinituwa. Dhèwèké crita, nèk nampa gawéan kuwi, mengko bakal adoh saka keluargané selama beberapa waktu. Pinituwa ngélingké dhèwèké soal pathokan ing Alkitab nèk tanggung jawab utamané kuwi nggatèkké kebutuhan rohaniné keluargané. (Éf. 6:4; 1 Tim. 5:8) Merga ora cocog karo naséhaté pinituwa kuwi, dhèwèké takon karo para sedulur ing jemaat nganti éntuk naséhat sing cocog karo karepé. Kuwi berarti dhèwèké ora bener-bener péngin dinaséhati, tapi sakjané wis nggawé keputusan dhéwé lan mung nggolèk dhukungan. Élinga nèk ati kuwi licik. (Yér. 17:9) Kadhang-kadhang, naséhat sing bener-bener dibutuhké kuwi malah naséhat sing awaké dhéwé ora seneng.
Wektu nggolèk naséhat, apa awaké dhéwé mémang bener-bener péngin dinaséhati utawa mung nggolèk dhukungan? (Deloken paragraf 14)
APA ÉNTUK NJALUK DIGAWÈKKÉ KEPUTUSAN KARO WONG LIYA?
15. Wektu kudu nggawé keputusan, apa sing aja nganti dilakukan, lan ngapa?
15 Yéhuwah péngin bèn saben wong nggawé keputusan dhéwé. (Gal. 6:4, 5) Kaya sing wis dibahas, sakdurungé nggawé keputusan, kudu nggolèk naséhat saka Alkitab lan para sedulur sing rohaniné apik. Tapi, aja nganti njaluk digawèkké keputusan karo wong liya. Mungkin ana sing langsung takon ngéné karo sing meréka percaya, ”Nèk njenengan dadi aku, njenengan bakal piyé?” Utawa, mungkin ana sing langsung mèlu-mèlu keputusané wong liya, tapi ora dipikir sik.
16. Ing jemaat Korintus ana masalah apa soal daging sing wis dipersembahké kanggo brahala, lan arep mangan apa ora kuwi keputusané sapa? (1 Korintus 8:7; 10:25, 26)
16 Gatèkna piyé wong Kristen ing Korintus kudu nggawé keputusan soal daging sing mungkin wis dipersembahké kanggo brahala. Paulus wis tau ngomong, ”Brahala kuwi ora ana artiné babar blas.” (1 Kor. 8:4) Mungkin merga omongané Paulus kuwi, ana anggota jemaat sing mutuské nèk daging sing wis dipersembahké kanggo brahala terus diedol ing pasar kuwi ora apa-apa nèk mèh dipangan. Tapi mungkin merga hati nuraniné, ana sedulur liya sing mutuské ora gelem mangan daging kuwi. (Wacanen 1 Korintus 8:7; 10:25, 26.) Kuwi keputusané masing-masing wong. Paulus ora tau ngongkon wong Kristen ing Korintus nggawèkké keputusan kanggo wong liya utawa mung mèlu-mèlu keputusané wong liya. ’Saben wong bakal tanggung jawab marang Gusti Allah’.—Rm. 14:10-12.
17. Apa akibaté nèk nggawé keputusan mung merga mèlu-mèlu wong liya? Kèkana conto. (Deloken gambar.)
17 Situasi kaya ngono ya isa kelakon saiki. Misalé, wektu kudu mutuské arep nampa apa nolak fraksi-fraksi darah.b Saben wong Kristen kudu nggawé keputusan berdasarkan Alkitab soal kuwi. Mémang, nggawé keputusan soal kuwi ora gampang, tapi kuwi tanggung jawabé awaké dhéwé masing-masing. (Rm. 14:4) Nèk mung mèlu-mèlu keputusané wong liya, kuwi isa marakké hati nurani dadi ora terlatih. Hati nurani bakal terlatih nèk selalu digunakké kanggo nggawé keputusan. (Ibr. 5:14) Lha terus, njaluk naséhaté apiké kapan? Sakwisé riset dhéwé tapi isih bingung pathokan Alkitab endi sing cocog karo situasi sing lagi diadhepi, kuwi wektuné takon.
Takon karo sedulur liya kanggo nggolèk naséhat kuwi mung nèk wis riset dhéwé (Deloken paragraf 17)
TERUSA NGGOLÈK NASÉHAT
18. Apa waé sing wis dilakukan Yéhuwah kanggo awaké dhéwé?
18 Awaké dhéwé wis dikèki kepercayaan karo Yéhuwah kanggo nggawé keputusan. Kaya bapak sing sayang anaké, Yéhuwah wis nyedhiakké Alkitab lan para sedulur sing isa mbantu bèn awaké dhéwé paham carané ngetrapké pathokan ing Alkitab. (WB. 3:21-23) Piyé carané mbuktèkké nèk bersyukur karo Yéhuwah?
19. Piyé bèn isa terus nggawé Yéhuwah seneng?
19 Wong tuwa mesthi seneng ndelok anaké terus bertumbuh dadi wong sing wicaksana lan nglayani Yéhuwah. Padha kaya ngono, Yéhuwah ya seneng nèk awaké dhéwé dadi wong Kristen sing luwih apik, seneng nggolèk naséhat, lan nggawé keputusan sing mbuktèkké nèk sayang karo Dhèwèké.
LAGU 127 Bantu Aku Nyenengké Ati-Mu
a Kadhang, awaké dhéwé ya kudu njaluk naséhaté wong sing dudu penyembahé Yéhuwah. Misalé kanggo masalah keuangan, keséhatan, utawa liya-liyané.
b Nèk péngin ngerti keterangan luwih akèh, deloken buku Bahagia Saklawasé, Pelajaran 39 nomer 5 lan bagian ”Bahan Tambahan”.
c PENJELASAN GAMBAR: Sakwisé rapat pinituwa, pinituwa enom naséhati pinituwa liya soal carané nyampèkké pendapat pas rapat mau. Halaman 5: Sedulur wédok njaluk naséhat saka wong sing béda-béda. Pas naséhaté ora ana sing cocog karo karepé, dhèwèké lunga.