PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwyp artikel 89
  • Piyé Carané Bèn Aku Ora Mikirké sing Saru-Saru?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Piyé Carané Bèn Aku Ora Mikirké sing Saru-Saru?
  • Pitakonané Cah Enom
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Apa sebabé ora éntuk mikirké sing saru-saru?
  • Apa sebabé kuwi angèl?
  • Sing isa mbok tindakké
  • Piyé Nèk Kanca-Kancaku Nggawé Aku Péngin Nindakké Hubungan Sèks?
    Pitakonané Cah Enom
  • Apa Sèks Oral Kuwi Salah?
    Pitakonané Cah Enom
  • Piyé Aku Isa Nolak Nèk Digodha kanggo Hubungan Sèks?
    Jawaban saka 10 Pitakonané Cah Enom
Pitakonané Cah Enom
ijwyp artikel 89
Cah lanang sing dikelilingi iklan-iklan sing marahi pikiran ngeres. Cah wédok ndelok ana pasangan ing ngarepé gedung bioskop sing nayangké film-film romantis.

PITAKONANÉ CAH ENOM

Piyé Carané Bèn Aku Ora Mikirké sing Saru-Saru?

”Ngerti-ngerti pikiran ngeres kuwi muncul, lan aku dadi ora isa mikirké sing liyané. Rasané kaya ana wong sing ngendhalèni pikiranku.”​—Vera.

”Ora mikirké sing saru-saru kuwi kaya ngupaya mabur. Ora mungkin isa!”​—John.

Apa kowé tau ngrasa kaya Vera lan John? Nèk iya, artikel iki isa mbantu kowé.

  • Apa sebabé ora éntuk mikirké sing saru-saru?

  • Apa sebabé kuwi angèl?

  • Sing isa mbok tindakké

  • Kandhané kanca-kancamu

Apa sebabé ora éntuk mikirké sing saru-saru?

Ana cah enom sing jenengé Alex kandha, ”Omku ngomong nèk Gusti Allah péngin manungsa isa nindakké hubungan sèks merga Gusti Allah nyiptakké manungsa nduwé kepénginan kanggo nindakké kuwi.”

Omongané omé Alex kuwi ana beneré. Gusti Allah pancèn mènèhi manungsa kepénginan kanggo nindakké hubungan sèks lan kuwi ana tujuané. Tujuané yaiku bèn manungsa isa terus ana nganti saiki. Dadi, apa sebabé kowé kudu ngupaya bèn ora mikirké sing saru-saru? Ana rong alesan sing penting:

  • Alkitab mulang nèk Gusti Allah péngin bèn hubungan sèks kuwi mung ditindakké karo suami istri.​—Purwaning Dumadi 1:28; 2:24.

    Kowé mungkin setuju karo pathokan kuwi. Ning, nèk kowé durung nikah lan mikirké sing saru-saru, kowé isa dadi strès merga durung isa nindakké kuwi. Akibaté, kowé isa kegodha kanggo nglanggar pathokané Gusti Allah lan nindakké hubungan sèks. Akèh sing nindakké kuwi akhiré gela dhéwé.

  • Nèk ngupaya bèn ora mikirké sing saru-saru, kowé isa sinau carané ngendhalèni dhiri.​—1 Korintus 9:25.

Sipat kuwi isa mbantu kowé luwih bahagia, kanggo saiki lan sukmbèn. Malah, nurut salah siji penelitian, bocah-bocah sing isa ngendhalèni dhiri biasané bakal luwih séhat, isa ngatur keuangané, lan manut hukumé pamréntah.a

Apa sebabé kuwi angèl?

Jaman saiki, akèh wong seneng karo sing saru-saru. Terus, nèk isih enom, ana hormon ing njero badanmu sing isa nggawé kowé dadi luwih gampang mikirké sing saru-saru.

”Akèh acara TV sing ana saiki nduduhké nèk nindakké hubungan sèks sakdurungé nikah kuwi nyenengké lan ora bahaya. Kuwi nggawé awaké dhéwé dadi mikirké sing saru-saru.”​—Ruth.

”Kanca-kanca kerjaku kerep ngomongké sing saru-saru. Aku ya dadi mèlu penasaran. Aku dadi nganggep nèk tumindak kaya ngono kuwi biasa waé lan kayané ora salah.”​—Nicole.

”Awaké dhéwé isa gampang kegodha kanggo ndelok gambar sing ora pantes wektu lagi ndelok-ndelok foto ing média sosial. Nèk wis ndelok, kuwi bakal muncul terus ing pikirané awaké dhéwé.”​—Maria.

Merga alesan-alesan kuwi, kowé mungkin ngrasa kaya Rasul Paulus sing nulis, ”Wektu aku péngin nindakké apa sing bener, pepénginan kanggo nindakké apa sing èlèk ana ing awakku.”​—Roma 7:21.

Pikiran sing ngeres kuwi kaya manuk ing sarangé sing ana ing ndhuwur sirahé akèh cah enom. Salah siji cah lanang ora ngejarké pikiran sing ngeres nggawé sarang ing sirahé.

Aja nganti kowé mikirké sing saru-saru

Sing isa mbok tindakké

Mikirké sing liyané. Nèk mulai mikirké sing saru-saru, kowé isa olahraga utawa nindakké kegiatan liyané sing mbok senengi bèn isa mikirké sing liyané. Ana cah enom sing jenengé Valerie ngomong, ”Aku seneng maca Alkitab merga kuwi isa mbantu aku mikirké soal Gusti Allah. Aku dadi ora mikirké sing ora ana gunané.”

Pancèn, pikiran ngeres isa waé muncul. Ning, kowé isa milih kanggo terus mikirké kuwi utawa nyingkirké kuwi.

”Wektu mulai mikirké sing saru-saru, aku ngupaya mikirké sing liyané. Aku ya nggolèki sebabé aku isa nduwé pikiran kaya ngono. Mungkin ana lagu utawa gambar sing kudu tak hapus.”​—Helena.

Pathokané Alkitab: ”Terus pikirna . . . kabèh perkara sing adil ing ngarsané Gusti Allah, kabèh perkara sing murni.”​—Filipi 4:8.

Milih kanca sing apik. Nèk kanca-kancamu kerep ngomongké sing saru-saru, kowé ya dadi gampang nduwé pikiran sing ngeres.

”Wektu remaja, aku salah milih kanca. Akibaté, aku dadi seneng mikirké sing saru-saru. Nèk bergaul karo wong-wong sing ngomong nèk hubungan sèks sing ora sah kuwi ora salah, kowé bakal dadi luwih angèl kanggo ngendhalèni kepénginan sing salah. Kuwi kaya nyiram geni nganggo bènsin.”​—Sarah.

Pathokané Alkitab: ”Sapa kang srawungan karo wong wicaksana, dadi wicaksana, nanging sapa kang kekancan karo wong gemblung iku nemu sangsara.”​—Wulang Bebasan 13:20.

Ngati-ati wektu milih hiburan. Akèh hiburan ing jaman saiki ana kaitané karo sèks. Nicole kandha, ”Kanggoku, musik kuwi pengaruhé gedhé banget. Musik isa nggawé aku dadi angèl ngendhalèni pikiranku.”

”Merga nonton film lan acara TV sing ana kaitané karo sèks, aku dadi kerep mikirké sing saru-saru. Mula, aku ora nonton film lan acara TV sing kaya ngono manèh. Bar kuwi, pikiranku dadi luwih resik. Nèk ngati-ati wektu milih hiburan, awaké dhéwé isa luwih gampang nolak pikiran sing ngeres.”​—Joanne.

Pathokané Alkitab: ”Aja nganti kowé padha ngomongké bab hubungan sèks sing ora sah lan saben jenis kenajisan utawa kesrakahan.”—Éfésus 5:3.

Ringkesan: Ana sing mikir nèk kepénginané manungsa kanggo nindakké hubungan sèks kuwi ora isa lan ora perlu dikendhalèni. Ning, kuwi béda karo kandhané Alkitab. Alkitab kandha nèk awaké dhéwé isa ngendhalèni kepénginané awaké dhéwé. Kuwi nduduhké nèk Gusti Allah nggatèkké tumindaké awaké dhéwé.

Pathokané Alkitab: ”Kowé kudu terus dianyarké ing pikiran lan sikapmu.”—Éfésus 4:23.

Kandhané kanca-kancamu

Tyler

”Hiburan sing ana saiki dirancang bèn awaké dhéwé mikirké sing saru-saru. Awaké dhéwé kudu ngati-ati wektu milih hiburan lan kanca. Awaké dhéwé kudu ngedohi apa waé sing isa nggawé awaké dhéwé ora isa ngendhalèni kepénginan sing salah.”​—Tyler.

Yaditsy

”Awaké dhéwé isa terus ngendhalèni dhiri nèk ajeg ndonga, maca Alkitab, lan sinau Alkitab. Biasané wong sing terus-terusan mikirké sing saru-saru kuwi merga kurang nindakké kegiatan rohani.”​—Yadi.

Kesimpulan: Piyé carané bèn aku ora mikirké sing saru-saru?

  1. Mikirké sing liyané.

  2. Milih kanca sing apik.

  3. Ngati-ati wektu milih hiburan.

Kanggo dipikirké: Saka cara-cara kuwi, endi sing isa luwih mbok upayakké?

a Sipat iki ya penting kanggo wong sing wis nikah. Mula, kowé perlu ngupayakké sipat kuwi sakdurungé kowé nikah.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim