PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwyp artikel 85
  • Piyé Nèk Aku Ora Setuju karo Aturané Wong Tuwaku?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Piyé Nèk Aku Ora Setuju karo Aturané Wong Tuwaku?
  • Pitakonané Cah Enom
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Pikirna faktané
  • Saran-saran sing isa dicoba
  • Kenapa Wong Tuwaku Ora Ngijinké Aku kanggo Seneng-Seneng?
    Pitakonané Cah Enom
Pitakonané Cah Enom
ijwyp artikel 85
Cah lanang sing sikilé dirantai

PITAKONANÉ CAH ENOM

Piyé Nèk Aku Ora Setuju karo Aturané Wong Tuwaku?

”Pas umur 15 taun, aku setuju-setuju waé karo aturané wong tuwaku. Tapi, saiki aku kan wis 19 taun. Aku ora gelem diatur-atur manèh.”​—Sylvia.

Apa kowé tau ngrasa ora setuju karo aturané wong tuwamu? Nèk iya, saran-saran ing artikel iki cocog kanggo kowé.

  • Pikirna faktané

  • Saran-saran sing isa dicoba

  • Kandhané kanca-kancamu

Pikirna faktané

Sakdurungé ngomong karo wong tuwa soal aturané meréka, coba pikirna iki:

  • Aturan mesthi ana manfaaté. Nèk ing dalan ora ana rambu-rambu, lampu bangjo, lan aturan lalu lintas, mesthi kabèh kacau lan akèh kecelakaan. Nah, aturan saka wong tuwa padha, kuwi isa nglindhungi kowé.

  • Aturané wong tuwa bukti nèk meréka perduli. Nèk ora ana aturan, berarti wong tuwamu ora perduli karo kowé. Kowé mesthi ora péngin ta nduwé wong tuwa kaya ngono?

APA KOWÉ NGERTI? Sakjané ya ana aturan kanggo wong tuwa. Coba wacanen Purwaning Dumadi 2:​24, Pangandharing Torèt 6:​6, 7, Éfésus 6:4, lan 1 Timotius 5:8.

Meskipun wis ngerti nèk aturané wong tuwa ana manfaaté, tapi piyé nèk kowé isih ora setuju?

Saran-saran sing isa dicoba

Mikir sik sakdurungé ngomong. Pikirna, selama iki kowé wis terbiasa manut aturané wong tuwamu apa ora? Nèk kowé biasa ora manut, kuduné kowé ora protès soal aturané meréka. Coba wacanen artikel, ”Bagaimana agar Aku Dipercaya Orang Tuaku?”

Nèk kowé wis biasa manut, pikirna kowé mèh ngomong apa karo wong tuwamu. Kowé ya isa nulis ngapa kok ora setuju karo aturané meréka, bèn kowé ngerti alesanmu kuwi masuk akal apa ora. Terus, takona wong tuwamu kapan wektu sing pas kanggo ngobrol lan énaké ngobrol ing endi. Pas ngobrol, kowé isa:

Ngajèni wong tuwamu. Ing Alkitab disebutké, ”Omongan sing kasar nggawé wong dadi nesu.” (Wulang Bebasan 15:1) Nèk kowé nesu-nesu lan ngomong nèk wong tuwamu ki kakèhan aturan, suasanané mesthi dadi ora pénak lan hasilé ora apik.

”Nèk aku ngajèni wong tuwaku, meréka mesthi ya menghargai pendapatku. Dadi, wong tuwaku isa memahami lan nggawé aturan sing cocog.”​—Bianca, 19.

Gelem ngrungokké. Ing Alkitab disebutké, ”Kudu cepet ngrungokké, ora kesusu ngomong.” (Yakobus 1:19) Pas ngobrol, aja kowé terus sing ngomong. Kowé ya kudu gelem ngrungokké wong tuwamu.

”Pas tambah gedhé, awaké dhéwé mungkin rumangsa luwih pinter lan ngerti luwih akèh timbang wong tuwa. Tapi kenyataané ora kaya ngono. Dadi, luwih apik awaké dhéwé ngrungokké lan manut naséhaté wong tuwa.”​—Devan, 20.

Mikirké perasaané wong tuwa. Coba pikirna kenapa wong tuwa nggawé aturan kuwi. Ing Alkitab ana naséhat, ”Gatèkna kepentingané wong liya, dudu mung kepentinganmu dhéwé.” (Filipi 2:4) Kuwi berarti kowé kudu nggatèkké perasaan lan sing dipikirké wong tuwamu.

Cah lanang nesu-nesu karo wong tuwané. Cah lanang tetep tenang lan sopan pas ngobrol karo wong tuwané

Menurutmu endi cara sing apik wektu ngomong karo wong tuwa?

”Mbiyèn aku mikir nèk wong tuwaku ora sayang lan ora gelem ndhukung aku. Tapi saiki aku ngerti nèk meréka sayang karo aku. Meréka sakjané lagi berupaya dadi wong tuwa sing apik. Aku dhéwé ya lagi berupaya bèn isa dadi wong sing bertanggung jawab.”​—Joshua, 21.

Ngekèki solusi. Misalé kowé ijin arep dolan lan perjalanané adoh, tapi wong tuwamu ora ngijinké. Coba pikirna, sakjané meréka kuwatir merga jaraké adoh utawa merga acarané?

  • Nèk merga jaraké adoh, kowé isa ngekèki solusi nèk mengko bakal ngejak kanca sing isa nyetir.

  • Nèk merga acarané, kowé isa ngandhani sapa waé sing bakal teka lan sapa sing bertanggung jawab ing acara kuwi.

Pas ngomong, kowé kudu sopan. Terus pas wong tuwamu ngomong, rungokna tenanan. Saka kata-kata lan sikapmu, buktèkna nèk kowé ”ngajèni bapakmu lan ibumu”. (Éfésus 6:2, 3) Meskipun kowé wis ngetrapké saran-saran mau, tapi durung tentu wong tuwamu bakal ngubah aturané. Nèk ngono piyé?

Tetepa manut karo keputusané wong tuwamu. Nèk saiki manut, isa waé wong tuwamu bakal ngekèki kowé luwih akèh kebébasan. Tapi nèk kowé tetep ora setuju lan malah nesu-nesu, apa akibaté? Mengko pas ngomongké aturané wong tuwamu manèh, kowé mungkin angèl kanggo éntuk luwih akèh kebébasan.

Kandhané kanca-kancamu

Devan

”Saiki aku ngerti nèk tetep tenang lan isa ngekèki alesan sing jelas, wong tuwaku mesthi gelem ngrungokké. Meréka ya isa njelaské ngapa kok nggawé aturan kuwi utawa ngekèki solusi. Wong tuwa luwih seneng nèk awaké dhéwé ngomongé alus, daripada bengok-bengok lan nesu-nesu.”​—Devan.

Joseph

”Ternyata nèk aku crita perasaanku, wong tuwaku dadi paham aku ki pénginé apa. Meskipun salah paham utawa béda pendapat, tapi nèk ngobrolé ora karo nesu-nesu situasiné isa tetep tenang.”​—Joseph.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim