PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwyp artikel 83
  • Piyé Bèn Aku Isa Nolak Godhaan?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Piyé Bèn Aku Isa Nolak Godhaan?
  • Pitakonané Cah Enom
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Apa kowé ngerti?
  • Apa sing isa diupayakké?
  • Terus Waspada Bèn Aja Nganti Kegodha
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
  • Njenengan Mesthi Isa Nglawan Kepénginan sing Salah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Sinau saka Carané Yésus Ngadhepi Godhaan
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
  • Apa sing Kudu Terus Diupayakké Sakwisé Dibaptis?​—Bagéan 2: Berusaha Tetep Setya
    Pitakonané Cah Enom
Pitakonané Cah Enom
ijwyp artikel 83
Cah lanang sing mulai kegodha wektu ndelok ana kancané sing lagi pacaran, ana kancané sing lagi dolanan HP, lan wektu ana cah wédok sing nglirik dhèwèké

PITAKONANÉ CAH ENOM

Piyé Bèn Aku Isa Nolak Godhaan?

Rasul Paulus nulis, ”Wektu aku péngin nindakké apa sing bener, sing ana ing njero awakku malah kepénginan kanggo nindakké apa sing èlèk.” (Roma 7:​21) Apa kowé ya tau ngrasa kaya ngono? Nèk iya, ing artikel iki ana saran-saran sing isa ditrapké bèn kowé isa nolak godhaan.

  • Apa kowé ngerti?

  • Apa sing isa diupayakké?

  • Kandhané kanca-kancamu

Apa kowé ngerti?

Luwih angèl nolak godhaan nèk kuwi saka kanca-kancamu. Kuwi cocog karo sing disebutké ing Alkitab, ”Bergaul karo wong sing ora apik bakal ngrusak kebiasaan sing apik.” (1 Korintus 15:33) Hiburan lan pengaruh sing èlèk saka wong liya kuwi isa marakké kowé dadi kegodha kanggo nglakoni sing salah. Malah, kowé isa ”nindakké kejahatan mung merga akèh sing tumindak kaya ngono”.​—Pangentasan 23:2.

”Kepénginan kanggo disenengi lan ditampa karo kanca-kancamu kuwi isa nggawé kowé nglakoni kabèh sing disenengi meréka.”​—Jeremy.

Kanggo dipikirké: Nèk terlalu mikirké pandhangané wong liya soal kowé, ngapa kok kuwi isa nggawé kowé dadi angèl kanggo nolak godhaan?​—Wulang Bebasan 29:25.

Intiné: Aja nganti pengaruhé kanca-kancamu nggawé kowé dadi ora nduwé pendirian.

Apa sing isa diupayakké?

Nduwé pendirian. Nèk kowé ora nduwé pendirian, kowé dadi kaya bonéka sing diatur karo wong liya. Bèn ora kaya ngono, kowé isa ngetrapké naséhat ing Alkitab sing nyebutké, ”Kowé kudu mastèkké apa sing bener lan terus nindakké apa sing apik.” (1 Tésalonika 5:​21) Dadi nèk kowé paham apa sing bener menurut Gusti Allah, kowé bakal berupaya kanggo manut lan bakal luwih gampang kanggo nolak godhaan.

Kanggo dipikirké: Ngapa kok kowé yakin nèk pathokané Gusti Allah kuwi bermanfaat kanggo kowé?

”Aku ngerti nèk aku nduwé pendirian lan nolak godhaan, wong-wong dadi luwih menghargai aku.”​—Kimberly.

Tokoh Alkitab sing isa ditiru: Danièl. Meskipun isih enom, Danièl ”nduwé tékad ing atiné” kanggo manut karo hukumé Gusti Allah.​—Danièl 1:8.

Cah lanang sing tangan lan sikilé ditalèni benang. Dhèwèké dipadhakké kaya bonéka sing isa diatur-atur karo wong liya

Nèk kowé ora nduwé pendirian, kowé dadi kaya bonéka sing diatur karo wong liya

Ngerti kelemahanmu. Ing Alkitab disebutké soal ”kepénginané cah enom”. Kepénginan kuwi isa kuwat banget wektu isih enom. (2 Timotius 2:​22) Kepénginan kuwi ora mung soal sèks thok, tapi kuwi ya kepénginan kanggo ditampa karo kanca-kanca utawa péngin bébas saka aturané wong tuwa.

Kanggo dipikirké: Ing Alkitab disebutké nèk ”saben wong diuji wektu dhèwèké ditarik lan digodha karo kepénginané dhéwé”. (Yakobus 1:​14) Kepénginan apa sing menurutmu paling angèl kanggo ditolak?

”Kowé kudu jujur karo diri sendiri, godhaan apa sing angèl kanggo ditolak. Kowé isa sinau soal carané nolak godhaan lan nyathet kuwi. Dadi wektu ana godhaan, kowé isa ngerti lan kèlingan kudu piyé.”​—Sylvia.

Tokoh Alkitab sing isa ditiru: Daud. Dhèwèké tau kegodha kanggo nglakoni sing salah merga dipengaruhi wong liya lan merga kepénginané dhéwé. Tapi Daud sadhar nèk dhèwèké nggawé salah lan gelem berubah. Dhèwèké ndonga karo Yéhuwah, ”Bantu aku bèn nduwé kepénginan sing bener, lan wènèhana aku pikiran sing bener bèn aku isa tetep setya.”​—Mazmur 51:10.

Kudu isa nglawan kepénginan sing salah. Ing Alkitab disebutké, ”Aja nganti kowé dikalahké karo kejahatan.” (Roma 12:21) Dadi pas ana godhaan, kowé isa milih kanggo nglawan godhaan kuwi, ora mung meneng thok.

Kanggo dipikirké: Pas ana godhaan, apa sing isa mbok upayakké kanggo nglawan kuwi bèn kowé ora nganti nglakoni apa sing salah?

”Aku mbayangké nèk aku kegodha kanggo nglakoni sing salah, apa aku isa ngrasa seneng? Ya mungkin, tapi kuwi mung sedhéla thok. Sakwisé kuwi apa aku isa tetep ngrasa seneng? Ora. Aku malah ngrasa bersalah lan kuwi blas ora ana untungé.”​—Sophia.

Tokoh Alkitab sing isa ditiru: Paulus. Meskipun Paulus ngakoni nèk dhèwèké nduwé kepénginan sing salah, tapi Paulus ngupaya kanggo nglawan kuwi. Dhèwèké ngomong, ”Aku ngendhalèni badanku, lan kuwi tak préntah kaya budhak.”​—1 Korintus 9:​27.

Intiné: Kowé dhéwé sing isa mutuské kanggo nglawan godhaan utawa malah meneng waé.

Godhaan kuwi mung sementara. Melissa sing umuré 20 taun ngomong, ”Mbiyèn pas aku isih SMA, godhaané krasa abot banget. Tapi nèk tak pikir-pikir, saiki wis ora krasa abot. Aku dadi sadhar nèk aku isa nolak godhaan sing ana saiki. Sukmbèn nèk diéling-éling manèh, aku mesthi bakal ngrasa bersyukur merga wis berhasil nolak godhaan kuwi.”

Kandhané kanca-kancamu

Olivia

”Nèk nduwé tékad lan ngupaya kanggo ora terpengaruh, aku dadi kendel nolak godhaan. Misalé, nèk aku wis mutuské kanggo ora gelem melakukan sesuatu, ya aku ora gelem tenan. Aku ora bakal ragu utawa malah terpengaruh karo keputusané wong liya.”​—Olivia.

Jared

”Cah-cah enom ngadhepi luwih akèh godhaan kanggo mèlu pésta-pésta. Ing kono akèh sing ngombé-ngombé alkohol, nganggo narkoba, lan sèks bébas. Biasané aku langsung crita karo wong tuwaku soal sing tak alami kuwi. Terus aku ya berupaya kanggo tetep sibuk bèn ora kegodha kanggo nglakoni sing salah.”​—Jared.

Mayan

”Paling angèl kuwi nolak godhaan sing menurutku kuwi salah, tapi menuruté wong liya kuwi ora salah. Contoné soal milih hiburan. Kowé kudu nduwé pendirian bèn isa nolak godhaan kaya ngono. Terus kowé ya butuh wektu lan upaya.”​—Mayan.

Julian

”Wektu ana godhaan, kowé kudu jujur karo diri sendiri. Misalé pas mbukak internèt, kowé kudu ngerti bagéan endi waé sing ana saru-saruné lan isa marakké kowé kegodha. Terus, nèk misalé kuwi ujug-ujug metu, kowé ngerti kudu piyé. Dadi kowé kudu nduwé rencana bèn ora gampang nyerah.”​—Julian.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim