PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mrt artikel 36
  • Apa Masalah Ékonomi Isa Diatasi?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Masalah Ékonomi Isa Diatasi?
  • Topik Liyané
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Gusti Allah bakal ngatasi masalah ékonomi
  • Matius 6:33—’Kratoning Allah Iku Upayanen Dhisik’
    Penjelasan Ayat Alkitab
  • Ngapa Kok Saiki Rega-Rega Padha Mundhak?
    Topik Liyané
  • Ana Keterangan Apa ing Alkitab soal Kelaparan?
    Topik Liyané
Topik Liyané
mrt artikel 36
Wong mlarat ing dhaérah sing kumuh ndeloki gedhung apartemèn sing méwah.

Apa Masalah Ékonomi Isa Diatasi?

Akèh wong padha démo merga kondisi ékonomi saiki tambah parah. Apa manèh merga pandemi COVID-19 dadi ana lockdown lan kurang pangan. Terus, sing isa éntuk pengobatan sing apik mung sing sugih thok.

Apa kondisi ékonomi ing donya iki isa berubah dadi apik? Menurut Alkitab, mengko Gusti Allah sing bakal ngatasi kuwi.

Gusti Allah bakal ngatasi masalah ékonomi

Masalah: Pamréntahané manungsa ora isa nyukupi kebutuhané kabèh wong.

Carané ngatasi: Pamréntahané manungsa bakal diganti karo Kerajaané Gusti Allah. Kerajaan kuwi bakal mréntah bumi saka swarga.​—Danièl 2:44; Matius 6:10.

Hasilé: Nèk Kerajaané Gusti Allah wis mréntah, ora ana manèh wong sing mlarat, terus kabèh wong kebutuhané isa dicukupi. (Mazmur 9:7-9, 18) Wong-wong ya isa bahagia merga ngrasa puas karo hasil kerja kerasé. Ing Alkitab ana janji, ”Wong bakal mbangun omah lan manggon ing kono. Wong bakal nggawé kebon anggur lan mangan buahé. Omah sing dibangun ora bakal dienggoni wong liya, lan hasil kebon anggur sing ditandur ora bakal dipangan wong liya.”​—Yésaya 65:21, 22.

Masalah: Manungsa ora isa ngatasi kabèh masalah.

Carané ngatasi: Liwat Kerajaané, Gusti Allah bakal nyingkirké kabèh sing marahi manungsa susah.

Hasilé: Sukmbèn ora ana manèh perang, kurang pangan, lan pandemi. Dadi, kabèh wong ora bakal susah manèh. (Mazmur 46:9; 72:16; Yésaya 33:24) Gusti Allah ngomong, ”Bangsaku bakal manggon ing panggonan sing aman, tenang, lan nggawé ayem.”​—Yésaya 32:18.

Masalah: Ana akèh wong sing srakah lan ora mikirké wong liya.

Carané ngatasi: Sing dadi rakyat Kerajaané Gusti Allah kudu gelem ngutamakké wong liya.​—Matius 22:37-39.

Hasilé: Nèk Kerajaané Gusti Allah wis mréntah, ora ana wong sing ”mung mikirké kepentingané dhéwé”. (1 Korintus 13:4, 5) Ing Alkitab ditulis, ”Ora ana sing bakal nyebabké cilaka utawa nggawé rusak ing kabèh wilayahé gunung-Ku sing suci, merga pengetahuan soal Yéhuwaha bakal ngebaki bumi kaya banyu sing ngebaki laut.”​—Yésaya 11:9.

Menurut Alkitab, saiki wis akhir jaman. Ora suwé manèh, Gusti Allah bakal ngatasi kabèh masalah ékonomi.b (Mazmur 12:5) Malah, Gusti Allah ya wis ngekèki saran-saran ing Alkitab sing isa ditrapké saiki. Contoné ing artikel sing judhulé ”Sing Isa Ditindakké Wektu Penghasilané Berkurang” lan ”Pandangan yang Benar tentang Uang”.

Pendapat soal harta

Sing salah: Wong sing mlarat bakal terus ana, soalé Yésus tau ngomong, ”Wong mlarat mesthi bakal terus ana karo kowé.”​—Matius 26:11.

Sing bener: Sakjané maksudé Yésus kuwi nèk isih ana akèh wong sing srakah, ing donya bakal terus ana wong sing mlarat. Tapi, Yésus ya ngomong nèk dhèwèké ”nyritakké kabar apik marang wong mlarat”. Kabar apik kuwi termasuk janji nèk Kerajaané Gusti Allah wis mréntah, ora bakal ana manèh wong sing mlarat.​—Lukas 4:18, 43.

Sing salah: Sing péngin nyenengké Gusti Allah biasané mlarat, merga Yésus tau ngomong, ”Edolen hartamu. Terus, hasilé wènèhna marang wong mlarat.”​—Matius 19:21.

Sing bener: Pas kuwi, Yésus lagi ngandhani wong lanang enom bèn dhèwèké ora ngutamakké harta, tapi gelem dadi muridé Yésus.

Sing salah: Menurut Alkitab, ”berkahé Yéhuwah sing nggawé wong dadi sugih”, berarti wong nèk diberkahi Gusti Allah kuwi mesthi sugih.​—Wulang Bebasan 10:22.

Sing bener: Ing Alkitab, wong sing éntuk ”berkahé Yéhuwah” kuwi maksudé isa bahagia, akrab karo Gusti Allah, lan isa nduwé harapan. (Mazmur 25:14; Yohanes 17:3) Mémang mbiyèn ana umaté Gusti Allah sing sugih, tapi ya ana akèh sing mlarat. (Purwaning Dumadi 24:34, 35; Yakobus 2:5) Yésus waé ya ora sugih.​—Matius 8:20.

Sing salah: Kabèh sing diduwèni kudu dienggo bareng-bareng. Kuwi kaya wong Kristen jaman mbiyèn sing ”berbagi apa sing diduwèni. Wong-wong kuwi ngedol tanahé lan apa sing diduwèni”.​—Kisah 2:44, 45.

Sing bener: Wektu kuwi ana wong-wong sing teka ing Yérusalèm kanggo mèlu perayaan Péntakosta. (Kisah 2:5) Terus meréka akhiré dadi Kristen. Tapi bar kuwi, meréka ora langsung bali merga kudu sinau luwih akèh soal ajarané Yésus. Akhiré, wong Kristen liyané nyumbangké panganan lan nyedhiakké tempat tinggal dienggo wong-wong kuwi.​—Kisah 2:41, 42, 46, 47.

a Menurut Alkitab, Gusti Allah kuwi jenengé Yéhuwah.​—Mazmur 83:18.

b Bèn ngerti ngapa kok isiné Alkitab isa dipercaya, deloken artikel ”Alkitab—Sumber Katrangan sing Bener lan Isa Dipercaya.”

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim