PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mrt artikel 21
  • Apa Wong sing Ora Adil Bakal Terus Ana?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Wong sing Ora Adil Bakal Terus Ana?
  • Topik Liyané
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Ngapa kok ana wong-wong sing ora adil?
  • Apa Gusti Allah seneng karo wong sing ora adil?
  • Apa keadaané bakal ngéné terus?
  • Ing donya anyar mengko keadaané bakal piyé?
  • Apa janji ing Alkitab isa dipercaya?
  • Pas dijahati, apa kudu pasrah waé?
  • ”Hakiming Jagad” Mesthi Tumindak Adil
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2017
  • Aku Mbéla Keadilan
    Kuwasané Alkitab
  • Kudu Piyé Wektu Diperlakukan Ora Adil?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
Topik Liyané
mrt artikel 21
Timbangan.

Apa Wong sing Ora Adil Bakal Terus Ana?

Ing endi-endi ana akèh wong sing ora adil. Akibaté, wong liya isa dadi sengsara. Iki contoné:

  • Ing Januari 2018, ing Amerika Serikat, ana wong lanang sing dibébaské sakwisé 38 taun dipenjara. Dhèwèké terbukti ora bersalah, merga ana pemeriksaan DNA.

  • Ing September 1994, ana cah enom telu ing Afrika sing dipenjara merga ora gelem dadi tentara. Nganti September 2020, meréka wis dipenjara 26 taun padahal durung tau digawa ing pengadilan.

Nèk ana sing ora adil karo awaké dhéwé, mungkin awaké dhéwé ngrasa kaya Ayub. Ayub ngomong, ”Aku terus sambat merga kesusahanku, tapi ora ana sing njawab.” (Ayub 19:7) Ing Alkitab ana janji nèk ing masa depan kabèh wong bakal adil. Ning, piyé nèk saiki ana sing ora adil karo awaké dhéwé? Ing Alkitab ana saran-saran sing isa mbantu awaké dhéwé.

Ngapa kok ana wong-wong sing ora adil?

Ing Alkitab ditulis nèk Gusti Allah kuwi adil. (Yésaya 51:4) Dadi, nèk ana wong sing ora adil kuwi merga ora manut karo Gusti Allah. Ing Alkitab kata ”adil” lan ”bener” kuwi ana hubungané. (Mazmur 33:5) Nèk wong tingkah lakuné bener lan manut karo Gusti Allah, mesthi wong kuwi adil. Dadi, wong sing ora adil kuwi merga dosa lan ora manut karo Gusti Allah. Contoné:

  • Égois. Wong sing égois kuwi biasané bakal nggawé dosa. (Yakobus 1:14, 15) Merga mung mikirké kepentingané dhéwé, dhèwèké dadi ora adil karo wong liya. Padahal, Gusti Allah péngin awaké dhéwé luwih mikirké kepentingané wong liya.​—1 Korintus 10:24.

  • Ora ngerti sing bener. Ana sing ora adil karo wong liya merga dhèwèké ora ngerti nèk sakjané kuwi salah. Ning, menurut Gusti Allah kuwi tetep salah. (Roma 10:3) Contoné, wektu Yésus Kristus dipatèni.​—Kisah 3:15, 17.

  • Organisasi sing ora gelem dituntun Gusti Allah. Para pemimpin politik, pebisnis, lan pemimpin agama kuduné adil. Ning nyatané ora kaya ngono. Meréka malah ora adil. Mungkin ana sing niaté apik, tapi upayané wong-wong kuwi ora bakal berhasil nèk ora manut karo Gusti Allah.​—Pengkhotbah 8:9; Yérémia 10:23.

Apa Gusti Allah seneng karo wong sing ora adil?

Ora. Dhèwèké sengit karo wong sing ora adil. (Wulang Bebasan 6:16-18) Makané, liwat Nabi Yésaya, Dhèwèké ngomong, ”Aku, Yéhuwah,a seneng karo apa sing adil. Aku sengit karo apa sing ora bener lan karo wong sing ngrampok.”​—Yésaya 61:8.

Liwat Hukum Musa, Yéhuwah péngin bèn wong Israèl adil. Misalé, Gusti Allah péngin bèn para hakim ora pilih kasih lan ora nampa suap. (Pangandharing Torèt 16:18-20) Terus, wong sing ora adil karo wong sing mlarat ya bakal dihukum karo Gusti Allah.​—Yésaya 10:1-3.

Apa keadaané bakal ngéné terus?

Ora. Mengko manungsa ora bakal nduwé dosa manèh lan isa sampurna merga tebusané Yésus. (Yohanes 1:29; Roma 6:23) Dadi, kabèh manungsa bakal adil. Liwat Kerajaané Gusti Allah, manungsa bakal dipréntah karo raja sing adil lan isa urip ing donya anyar. (Yésaya 32:1; 2 Pétrus 3:13) Bèn isa ngerti luwih akèh soal Kerajaané Gusti Allah, deloken vidéo Kerajaané Gusti Allah Kuwi Apa?

Ing donya anyar mengko keadaané bakal piyé?

Keadaané bakal aman lan damai, merga kabèh wong sing manggon ing bumi kuwi adil. (Yésaya 32:16-18) Gusti Allah nganggep uripé kabèh wong kuwi berharga. Dadi, Dhèwèké mesthi bakal adil. Wong sing tau dijahati mengko ora bakal sedhih manèh. Malah, kenangan buruké ya wis ora ana. (Yésaya 65:17; Wahyu 21:3, 4) Bèn isa ngerti luwih akèh, wacanen ”Apa sing Bakal Ditindakké Kratoné Allah?”

Apa janji ing Alkitab isa dipercaya?

Isa. Akèh ramalan ing Alkitab sing wis kelakon. Isiné nyambung saka awal tekan mburi, terus ya cocog karo sejarah lan ilmu pengetahuan. Dadi, njenengan isa yakin nèk janji-janji ing Alkitab mesthi bakal kelakon. Njenengan ya isa nonton vidéo lan maca artikel iki:

  • Apa Buktiné Nèk Isiné Alkitab Kuwi Bener? (vidéo)

  • ”Nubuat-Nubuat sing Wis Kelakon”

  • ”Nubuatnya Selalu Tergenap”

  • ”Alasan untuk Mempercayai Alkitab”

Pas dijahati, apa kudu pasrah waé?

Ora. Misalé, Rasul Paulus tau dijahati lan arep dihukum mati. Ning, dhèwèké ora pasrah waé. Dhèwèké njaluk bandhing karo Kaisar.​—Kisah 25:8-12.

Mémang, manungsa ora isa ngrampungi masalah-masalah sing ana saiki. (Pengkhotbah 1:15) Ning, akèh sing isa tetep bahagia senajan dijahati wong liya merga percaya karo janjiné Gusti Allah.

a Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah.​—Mazmur 83:18.

Pengalamané wong-wong

  • Rafika.

    Rafika mèlu organisasi sing jaréné mbéla keadilan. Tapi, dhèwèké kecéwa merga organisasi kuwi malah ngajari nganggo senjata. Akhiré, dhèwèké metu saka organisasi kuwi. Terus, dhèwèké sinau Alkitab lan ngerti nèk mengko Kerajaané Gusti Allah sing mréntah, keadaané bakal damai. Bèn ngerti ceritané, deloken vidéo iki.

  • Antoine.

    Antoine lair lan gedhé ing Lebanon, lan selama kuwi ana perang. Makané, dhèwèké ajar béla diri bèn ora dijahati karo wong liya. Bar kuwi, ana Seksi Yéhuwah sing macakké loro ayat ing Alkitab. Bar krungu ayat-ayat kuwi, Antoine ngrasa tenang. Bèn ngerti crita lengkapé, wacanen artikel iki.

  • Jukka.

    Jukka mèlu akèh organisasi bèn isa ngrampungi akèh masalah sing ana saiki. Mémang ana beberapa masalah sing isa diatasi, tapi akèh-akèhé ora isa. Saiki dhèwèké isa bahagia merga terus mikirké janjiné Gusti Allah ing masa depan. Bèn ngerti crita lengkapé, wacanen artikel iki.

Ayat-ayat soal keadilan

Pengkhotbah 3:16: ”Aku ya ndelok iki ing ngisoré matahari: Sing kuduné ana keadilan malah ana kejahatan.”

Artiné: Ing Alkitab wis dijelaské nèk bakal ana wong sing ora adil.

Ayub 34:12: ”Gusti Allah mesthi ora bakal tumindak jahat. Sing Mahakuwasa mesthi adil.”

Artiné: Gusti Allah mesthi adil.

Pangandharing Torèt 32:4, 5: ”Dhèwèké kuwi Gunung Watuné awaké dhéwé lan sing ditindakké sampurna, kabèh sing ditindakké adil. Gusti Allah sing setya, sing mesthi adil. Dhèwèké bener lan adil. Wong-wong kuwi dhéwé sing tumindak jahat. Wong-wong kuwi dudu anak-anaké Gusti Allah, kuwi salahé dhéwé.”

Artiné: Wong sing ora adil kuwi merga dosa lan ora manut karo Gusti Allah.

Yésaya 32:1: ”Bakal ana raja sing jujur wektu mréntah. Bakal ana para pemimpin sing adil wektu mréntah.”

Artiné: Raja saka Kerajaané Gusti Allah mesthi bakal adil wektu mréntah.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim