PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mrt artikel 45
  • Rusia Nyerang Ukraina

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Rusia Nyerang Ukraina
  • Topik Liyané
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Ramalan ing Alkitab soal perang
  • Harapan ing masa depan
  • Sapa sing Dadi Raja Utara Saiki?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2020
  • Pemimpin Agama Ndhukung Perang ing Ukraina—Menurut Alkitab Piyé?
    Topik Liyané
  • Perang Rusia lan Ukraina Wis Setaun
    Topik Liyané
  • Raja Utara ing Wekasaning Jaman
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2020
Delok Kabèh
Topik Liyané
mrt artikel 45
Péta negara Ukraina lan negara-negara sekitaré.

KUDU TERUS JAGA-JAGA

Rusia Nyerang Ukraina

Ésuk-ésuk tanggal 24 Februari 2022, tentara Rusia nyerang Ukraina. Apa akibaté? Beberapa hari lalu, António Guterres, sekretaris-jénderal PBB ngomong, ”Dampaké mesthi parah banget. Sing ngrasakké ora mung negara-negara ing Eropa, tapi ya sak donya.”

Ramalan ing Alkitab soal perang

  • Yésus Kristus ngramalké nèk ”bangsa bakal nglawan bangsa, lan kerajaan nglawan kerajaan”. (Matius 24:7) Kuwi kelakon tenan saiki. Wacanen artikel ”Apa Saja Tanda ’Hari-Hari Terakhir’ atau ’Akhir Jaman’?”

  • Ing buku Wahyu, perang kuwi digambarké kaya sing numpak jaran ”wernané abang mbranang” lan ”ngrampas perdamaian saka bumi”. (Wahyu 6:4) Apa artiné ramalan kuwi? Wacanen artikel ”Jaran Papat lan sing Nunggang—Sapa Waé Kuwi?”

  • Ing buku Danièl diramalké nèk ”raja lor” karo ”raja kidul” bakal perang. (Danièl 11:25-45) Apa buktiné nèk raja lor kuwi maksudé Rusia lan negara-negara sing dadi balané? Deloken vidéo Ramalan ing Danièl Bab 11 sing Kelakon.a

  • Ing buku Wahyu ya dijelaské nèk ana ”perang sing bakal kelakon ing dinané Gusti Allah sing Mahakuwasa”. (Wahyu 16:14, 16) Kuwi dudu perang antar negara kaya sing kelakon saiki. Terus, kuwi perangé sapa? Wacanen artikel ”Armagédon Kuwi Apa?”

Harapan ing masa depan

  • Ing Alkitab ditulis nèk Gusti Allah bakal ”ngendhegké perang ing bumi”. (Mazmur 46:9) Nèk péngin ngerti apa sing bakal kelakon sukmbèn, wacanen artikel ”Harapan ing Masa Depan”.

  • Yésus ngongkon murid-muridé ndonga bèn Kerajaané Gusti Allah teka. (Matius 6:9, 10) Kerajaan kuwi bakal mréntah ing swarga lan ngrampungi kabèh masalah ing bumi, termasuk perang. Nèk Kerajaan kuwi wis mréntah, ana berkah apa waé? Deloken vidéo Kerajaané Gusti Allah Kuwi Apa?

Ing Ukraina ana luwih saka 129.000 Seksi Yéhuwah. Kaya Seksi-Seksi Yéhuwah sak donya, meréka ora mèlu-mèlu urusan politik lan ora mèlu perang. (Yohanes 18:36) Seksi-Seksi Yéhuwah sak donya ngandhani wong-wong ”kabar apik” nèk sukmbèn ora bakal ana perang manèh. (Matius 24:14) Nèk péngin ngerti luwih akèh soal harapan ing Alkitab, njenengan isa menghubungi Seksi-Seksi Yéhuwah.

a Nèk péngin ngerti luwih akèh, wacanen artikel ”Raja Utara ing Wekasaning Jaman” lan ”Sapa sing Dadi Raja Utara Saiki?”

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim