PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mrt artikel 25
  • Sapa sing Isa Nggawé Bumi Iki Dadi Apik Manèh?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Sapa sing Isa Nggawé Bumi Iki Dadi Apik Manèh?
  • Topik Liyané
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Apa manungsa isa nggawé bumi dadi apik?
  • Ana harapan
  • Apa Bumi Bakal Dihancurké?
    Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
  • Gusti Allah Janji Nèk Bumi Ora Bakal Tambah Rusak
    Gatèkna!—2023
  • Donya Anyar Kuwi Kaya Apa?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2021
  • Apa Bumi Bakal Hancur Merga Pemanasan Global?
    Topik Liyané
Delok Kabèh
Topik Liyané
mrt artikel 25
Cah wédok nyirami kembang. Ing kono ana pabrik-pabrik sing marahi polusi.

Sapa sing Isa Nggawé Bumi Iki Dadi Apik Manèh?

Akèh sing sedhih ndelok bumi iki rusak lan akèh makhluk hidup sing punah merga kelakuané manungsa. Menurut para ahli, kelakuané manungsa saya suwé saya parah.

Apa bumi bakal hancur gara-gara manungsa? Isa ora manungsa nggawé bumi dadi apik manèh?

Apa manungsa isa nggawé bumi dadi apik?

Menurut para ahli, manungsa isa nggawé bumi iki dadi apik. Tapi, ana sing kudu diubah. Apa waé kuwi?

  • Ora ngrusak tanah, hutan, rawa-rawa, lan laut.

  • Nganggo cara bertani sing ora ngrusak lingkungan lan nganggo sumber ènergi sing alami.

  • Luwih akèh mangan tumbuhan daripada mangan daging lan iwak, terus ya aja mbuwang-mbuwang panganan.

  • Ora srakah.

Piyé menurut njenengan? Apa kabèh wong, termasuk pamréntah lan pebisnis, isa ngupayakké kuwi kabèh? Merga saiki akèh wong sing srakah lan mung mikirké kepentingané dhéwé, isa ora kuwi kelakon?​—2 Timotius 3:1-5.

Ana harapan

Ing Alkitab dijelaské nèk bumi isa dadi apik manèh. Menurut Alkitab, manungsa ora isa nggawé bumi iki dadi apik. Tapi, ing kono ya dijelaské piyé carané Gusti Allah nggawé bumi iki dadi apik manèh.

Ngapa manungsa ora isa nggawé bumi dadi apik manèh? Yéhuwaha kuwi sing nyiptakké bumi. Dhèwèké péngin manungsa ngopèni bumi. (Purwaning Dumadi 1:28; 2:15) Bèn isa ngopèni bumi, manungsa kudu manut karo petunjuké Gusti Allah. (Wulang Bebasan 20:24) Nèk ora manut, manungsa ora bakal isa nggawé bumi dadi luwih apik. (Wulang Bebasan 21:30; Yérémia 10:23) Tapi kenyataané, manungsa malah ora manut lan sak karepé dhéwé.​—Pengkhotbah 7:29.

Apa sing kudu diubah? Gusti Allah bakal nyingkirké wong-wong sing ngrusak bumi. (Wahyu 11:18; 21:1) Mulané Gusti Allah ngomong, ”Deloken. Aku nggawé kabèh dadi anyar.”​—Wahyu 21:5.

Piyé carané Gusti Allah nggawé bumi dadi apik manèh? Pamréntahané manungsa bakal diganti karo Kerajaané Gusti Allah. Rajané kuwi Yésus Kristus. Dhèwèké bakal mréntah bumi.​—Danièl 2:44; Matius 6:10.

Mengko pas Kerajaané Gusti Allah mréntah, kabèh manungsa bakal manut. Dadi, mengko manungsa isa nggawé bumi iki dadi apik manèh. (Yésaya 11:9) Ing Alkitab ya dijelaské nèk manungsa mengko bakal bahagia lan ora perlu ngrusak lingkungan. Liwat Kerajaané Gusti Allah, sukmbèn:

  • Bakal ana akèh panganan.​—Mazmur 72:16.

  • Alam bakal dadi apik manèh.​—Yésaya 35:1, 2, 6, 7.

  • Manungsa bakal ngopèni kéwan, lan kéwan ora bakal nyilakani manungsa.​—Yésaya 11:6-8; Hoséa 2:18.

  • Bencana alam ora bakal ana manèh.​—Markus 4:37-41.

Ora suwé manèh, kuwi kabèh bakal kelakon. Bèn isa ngerti luwih akèh, wacanen artikel ”Kapan Kratoné Allah Mréntah Bumi?”

a Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah.​—Mazmur 83:18.

Saiki awaké dhéwé kudu piyé?

Sing isa nggawé bumi iki dadi apik manèh mémang Kerajaané Gusti Allah. Tapi, ana sing isa awaké dhéwé upayakké saiki. Misalé, awaké dhéwé aja boros lan kudu manut nèk dikongkon daur ulang.​—Yohanes 6:12, 13; Roma 13:1, 5.

  • Brett.

    Brett tau dadi ahli lingkungan. Dhèwèké akhiré ngerti nèk Pencipta kuwi ana lan péngin nggawé bumi iki dadi apik manèh. Wacanen kisahé.

  • Loro sedulur ing proyèk pembangunan Kantor Pusaté Seksi-Seksi Yéhuwah.

    Pas ana proyèk pembangunan, Seksi-Seksi Yéhuwah berupaya bèn rancangané ramah lingkungan. Deloken vidéo Rancangan sing Ramah Lingkungan Ngluhurké Yéhuwah.

Ayat-ayat ing Alkitab soal bumi

Purwaning Dumadi 2:15: ”Gusti Allah Yéhuwah ndèlèhké wong lanang kuwi ing Taman Èden bèn nggarap lan ngurus taman kuwi.”

Artiné: Gusti Allah péngin manungsa ngopèni bumi.

Purwaning Dumadi 1:28: ”Gusti Allah mberkahi manungsa lan kandha marang manungsa, ’Kowé kudu nduwé anak akèh. Kowé kudu ngebaki lan nguwasani bumi. Kowé ya kudu nguwasani iwak ing laut, kéwan sing mabur ing langit, lan kabèh kéwan sing urip ing bumi.’”

Artiné: Manungsa dikongkon ngopèni kéwan-kéwan.

Yésaya 45:18: ”Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing bener, Sing Nyiptakké langit, Sing Mbentuk bumi, lan sing nggawé bumi bèn ana sakterusé. Dhèwèké nyiptakké bumi merga ana tujuané, yaiku bèn dienggoni manungsa. Dhèwèké ngomong ngéné, ’Aku Yéhuwah, ora ana liyané.’”

Artiné: Gusti Allah péngin bèn bumi dienggoni karo manungsa sing manut karo Dhèwèké.

Mazmur 37:29: ”Wong sing bener bakal manggon ing bumi lan bakal manggon ing kono saklawasé.”

Artiné: Wong-wong sing manut karo Gusti Allah bakal urip saklawasé ing bumi.

Mazmur 98:6-8: ”Kowé kudu sorak-sorak ing ngarepé Raja, yaiku Yéhuwah. . . . Muga-muga laut sak isiné padha sorak-sorak. Muga-muga bumi lan sing manggon ing kono ya sorak-sorak. Muga-muga kali padha keplok-keplok. Muga-muga gunung padha sorak-sorak ing ngarepé Yéhuwah.”

Artiné: Pas Kerajaané Gusti Allah mréntah, bumi bakal dadi apik manèh.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim