Mazmur
Laguné wong sing munggah menyang kutha.
129 ”Mungsuh-mungsuhku terus nyerang aku kèt aku isih enom,”+
Ayo wong Israèl ngomong ngéné,
2 ”Mungsuh-mungsuhku terus nyerang aku kèt aku isih enom,+
Tapi ora isa ngalahké aku.+
3 Wong-wong kuwi kaya mbajak ladhang ing gegerku,+
Lan bekas sing dibajak kuwi dawa banget.”
4 Yéhuwah kuwi adil.+
Dhèwèké mbébaské aku bèn aku ora ditindhes wong jahat.*+
5 Kabèh sing sengit karo Zion+
Bakal dadi isin lan mlayu.
6 Wong-wong kuwi bakal kaya suket ing atap
Sing layu sakdurungé dicabut,
7 Sing terlalu sithik nèk dicekel wong sing manèn
Lan terlalu sithik nèk digawa wong sing ngumpulké hasil panèn.
8 Wong sing liwat ora bakal kandha,
”Muga-muga Yéhuwah mberkahi kowé.
Aku mberkahi kowé nganggo jenengé Yéhuwah.”