PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Néhémia 4:4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 4 Mula aku ndonga, ”Oh Gusti Allahku, rungokna piyé wong-wong kuwi ngécé aku.+ Gawénen hinaan kuwi mbalik ngenani wong-wong kuwi dhéwé,*+ lan dadèkna wong-wong kuwi jarahan lan tawanan ing negara liya.

  • Néhémia 6:15, 16
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 Témbok kuwi rampung dibangun ing dina ke-25 sasi Élul.* Témbok kuwi dibangun 52 dina.

      16 Wektu kabèh mungsuhku krungu soal kuwi lan kabèh bangsa ing sekitarku padha ndelok kuwi, wong-wong kuwi dadi isin banget+ lan dadi ngerti nèk gawéan kuwi isa rampung merga bantuané Gusti Allahku.

  • Èster 6:13
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 13 Wektu Haman nyritakké kabèh sing wis kelakon marang Zèrès bojoné+ lan kabèh kancané, kanca-kancané sing wicaksana lan Zèrès bojoné kandha, ”Saiki waé kowé wis kalah saka Mordekai. Dadi, nèk dhèwèké kuwi pancèn keturunané wong Yahudi,* kowé ora bakal isa menang nglawan dhèwèké. Kowé mesthi bakal kalah saka dhèwèké.”

  • Èster 9:5
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 5 Wong Yahudi ngalahké kabèh mungsuhé nganggo pedhang, matèni, lan nyingkirké mungsuh-mungsuhé. Wong Yahudi tumindak sak senengé marang mungsuh-mungsuhé.+

  • Mazmur 137:7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  7 Oh Yéhuwah, aja lali

      Karo omongané wong Édom wektu Yérusalèm dihancurké. Wong-wong kuwi ngomong,

      ”Ambruka. Ambruka nganti tekan pondhasiné.”+

  • Zakharia 12:3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Ing dina kuwi, Aku bakal nggawé Yérusalèm dadi kaya watu sing abot kanggo kabèh bangsa. Kabèh sing ngangkat watu kuwi mesthi bakal luka parah.+ Kabèh bangsa ing bumi bakal padha ngumpul nglawan dhèwèké.”+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim