Mazmur
Kanggo pemimpin musik. Lagu sing digawé Daud, kanggo ngélingké wong-wong.
70 Oh Gusti Allah, tulung slametna aku.
Oh Yéhuwah, cepet tulungi aku.+
2 Muga-muga wong sing péngin matèni aku
Digawé isin lan dirèmèhké.
Muga-muga wong sing seneng nèk aku susah
Padha mlayu lan direndhahké.
3 Muga-muga wong sing ngécé aku
Padha mlayu merga isin.
4 Ning, muga-muga wong sing nggolèk tuntunan-Mu
Padha seneng merga Njenengan.+
Muga-muga wong sing berharap mbok slametké padha terus kandha,
”Muga-muga Gusti Allah diluhurké.”
Njenengan kuwi sing nulungi lan sing nylametké aku.+
Oh Yéhuwah, cepet tulungi aku.+