Yésaya
15 Berita penghukuman kanggo Moab:+
Mung sewengi waé, kutha Ar-Moab+ dihancurké,
Mula dadi sepi.
Mung sewengi waé, kutha Kir-Moab+ dihancurké,
Mula dadi sepi.
Wong Moab padha nangisi Nébo+ lan Médéba.+
Sirahé digundhuli,+ lan jénggoté dicukur.+
3 Ing dalan, wong-wong kuwi padha nganggo kain goni.
Ing atap omah lan ing lapangan,
Wong-wong kuwi padha nangis nggero-nggero.+
4 Wong Hésbon lan wong Éléalé+ padha nangis.
Swara tangisané nganti tekan Yahaz.+
Kuwi sebabé para prajurité Moab terus bengok-bengok.
Kabèh wong Moab padha wedi.
5 Atiku sedhih merga Moab.
Wong Moab padha mlayu nganti tekan Zoar+ lan Églat-syèlisia.+
Wong-wong kuwi padha nangis pas munggah ing Luhit.
Pas mlaku menyang Horonaim, wong-wong kuwi padha nangis merga kena bencana.+
6 Banyu ing Nimrim dadi asat.
Suket ijo padha garing.
Suketé padha mati, lan ora ana manèh suket sing ijo.
7 Mula, wong-wong kuwi nggawa barang lan hartané sing isih ana.
Terus, wong-wong kuwi nyabrang ing lembah* sing ana wit-witané.*
8 Swara tangisané tekan kabèh dhaérah ing Moab.+
Swara tangisané tekan Églaim.
Swara tangisané tekan Béèr-èlim.
9 Mata air ing Dimon kebak getih,
Ning Gusti Allah bakal nambahi bencana kanggo ngukum Dimon:
Wong Moab lan wong liyané sing isih urip
Bakal diserang singa.+