PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Purwaning Dumadi 12:1
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Yéhuwah kandha marang Abram, ”Kowé kudu ninggalké tanahmu, sedulurmu, lan keluargané bapakmu, terus lunga menyang tanah sing bakal Tak duduhké marang kowé.+

  • Purwaning Dumadi 12:3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Aku bakal mberkahi wong sing mberkahi kowé, lan Aku bakal ngutuk wong sing ngutuk kowé.+ Kabèh keluarga ing bumi mesthi bakal éntuk berkah liwat kowé.”+

  • Purwaning Dumadi 28:1
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 28 Ishak ngundang* Yakub, mberkahi dhèwèké, lan ngandhani dhèwèké, ”Aja nikah karo wong wédok Kanaan.+

  • Purwaning Dumadi 28:3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Gusti Allah sing Mahakuwasa bakal mberkahi kowé lan nggawé keturunanmu dadi akèh banget, lan keturunanmu mesthi bakal dadi bangsa sing gedhé.+

  • Purwaning Dumadi 31:42
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 42 Nèk aku ora didhukung Gusti Allahé bapakku,+ yaiku Gusti Allah sing disembah Abraham lan sing dihormati Ishak,+ njenengan mesthi ngongkon aku lunga tanpa nggawa apa-apa. Gusti Allah wis ndelok kesusahanku lan kerja kerasku, mula mau bengi+ Gusti Allah ngandhani njenengan.”

  • Yèhèzkièl 25:12, 13
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Édom wis ngukum wong Yéhuda. Kesalahané Édom kuwi gedhé banget merga wis balas dendam marang wong Yéhuda.+ 13 Kuwi sebabé iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Aku bakal nggunakké kekuwatan-Ku kanggo nglawan Édom. Aku bakal matèni wong Édom lan ternaké, lan tanahé bakal telantar.+ Kabèh penduduké Édom, saka Téman tekan Dédan, bakal Tak patèni nganggo pedhang.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim