PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Kaimaman 2:3-7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Sisa saka persembahan biji-bijian kuwi dadi duwèké Harun lan anak-anaké.+ Kuwi bagéan sing suci banget+ saka persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah.

      4 ”’Nèk kowé arep mènèhké persembahan biji-bijian sing dipanggang ing oven, kowé éntuk mènèhké persembahan roti tanpa ragi sing bentuké kaya gelang lan dicampur minyak, utawa roti tipis tanpa ragi sing diolèsi minyak.+ Kuwi kabèh kudu digawé saka tepung alus.

      5 ”’Nèk kowé arep mènèhké persembahan biji-bijian sing diolah nganggo wajan datar,+ persembahan kuwi kudu digawé saka tepung alus tanpa ragi sing dicampur minyak. 6 Persembahan kuwi kudu dipotong-potong lan diesoki minyak ing ndhuwuré.+ Kuwi sing disebut persembahan biji-bijian.

      7 ”’Nèk kowé arep mènèhké persembahan biji-bijian sing diolah nganggo panci, persembahan kuwi kudu digawé saka tepung alus lan minyak.

  • Wilangan 18:9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 Sing bakal dadi jatahmu saka persembahan sing paling suci sing diobong nganggo geni dijupuk saka saben persembahan sing diwènèhké wong Israèl marang Aku. Kuwi termasuk persembahan biji-bijian,+ persembahan dosa,+ lan persembahan kesalahan.+ Persembahan-persembahan kuwi suci banget lan kuwi bakal dadi duwèkmu lan anak-anakmu lanang.

  • 1 Korintus 9:13
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 13 Apa kowé ora ngerti nèk wong sing nindakké tugas suci ing bait éntuk panganan saka bait lan sing nindakké tugas ing mézbah éntuk jatah saka mézbah kuwi?+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim