-
Pangandharing Torèt 8:7-9Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Yéhuwah wis nggawa kowé menyang tanah sing apik,+ tanah sing ana kaliné, lan mata air sing mili ing lembah lan ing wilayah pegunungan. 8 Ing tanah kuwi ana akèh gandum, barli, anggur, buah ara, delima,+ minyak zaitun, lan madu.+ 9 Ing tanah kuwi ya ana akèh banget panganan, lan kowé ora bakal kekurangan apa-apa. Watu-watu ing tanah kuwi ana wesiné, lan kowé bakal nambang tembaga ing gunung-gunungé.
-
-
Yèhèzkièl 20:6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 Wektu kuwi, Aku sumpah nèk bakal nggawa wong-wong kuwi metu saka Mesir menyang tanah sing wis Tak pilihké kanggo wong-wong kuwi, yaiku tanah sing akèh susu lan maduné.+ Kuwi tanah sing paling apik.
-