PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Kaimaman 5:7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 7 ”’Nèk ora isa mènèhké domba utawa kambing, dhèwèké kudu mènèhké manuk derkuku loro+ utawa dara sing isih enom loro dadi persembahan kesalahan marang Yéhuwah. Manuk sing siji kanggo persembahan dosa lan sing sijiné kanggo persembahan bakaran.+

  • Kaimaman 5:11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 ”’Nèk ora isa mènèhké manuk derkuku loro utawa dara sing isih enom loro, dhèwèké kudu nggawa sepersepuluh éfa*+ tepung alus dadi persembahan dosa. Tepung kuwi aja dicampur minyak utawa diwènèhi menyan ing ndhuwuré merga kuwi persembahan dosa.

  • Kaimaman 12:8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 8 Ning, nèk wong wédok kuwi ora mampu mènèhi domba siji, dhèwèké kudu nggawa manuk derkuku loro utawa dara sing isih enom loro.+ Sing siji kanggo persembahan bakaran lan sing sijiné kanggo persembahan dosa. Imam bakal njaluk marang Gusti Allah bèn dosané wong wédok kuwi diapura, lan wong wédok kuwi bakal ora najis manèh.’”

  • Kaimaman 14:21
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 21 ”Ning, nèk wong kuwi mlarat lan ora mampu, wong kuwi kudu nggawa domba lanang enom siji kanggo persembahan kesalahan sing bakal diayun-ayun supaya dosané wong kuwi diapura. Wong kuwi ya kudu nggawa sepersepuluh éfa* tepung alus sing dicampur minyak dadi persembahan biji-bijian, sak log minyak,

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim