PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Wilangan 14:30
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 30 Ora ana wong siji-sijia saka antaramu sing bakal mlebu ing tanah sing wis Tak janjèkké marang kowé nganggo sumpah bèn mbok enggoni,+ kecuali Kalèb anaké Yéfuné lan Yosua anaké Nun.+

  • Wilangan 26:65
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 65 Yéhuwah wis tau kandha, ”Wong-wong kuwi* bakal mati ing padhang belantara.”+ Mula, saka antarané wong-wong kuwi, sing isih urip mung Kalèb anaké Yéfuné lan Yosua anaké Nun.+

  • Wilangan 32:11, 12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 ’Kabèh wong sing metu saka Mesir, sing umuré 20 taun munggah, ora bakal ndelok tanah+ sing wis Tak janjèkké nganggo sumpah marang Abraham, Ishak, lan Yakub,+ merga wong-wong kuwi ora saktulusé ati manut karo Aku. 12 Ning Kalèb+ anaké Yéfuné, wong Kénaz kuwi, lan Yosua+ anaké Nun ora termasuk ing antarané wong-wong kuwi, merga wong loro kuwi saktulusé ati manut karo Yéhuwah.’+

  • Pangandharing Torèt 1:35, 36
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 35 ’Ora ana siji-sijia saka antarané wong-wong* sing jahat iki sing bakal ndelok tanah sing apik sing wis Tak janjèkké marang nènèk moyangmu,+ 36 kecuali Kalèb anaké Yéfuné. Dhèwèké bakal ndelok tanah kuwi, lan Aku bakal mènèhké tanah sing wis diparani kuwi marang dhèwèké lan keturunané, merga dhèwèké manut karo Yéhuwah saktulusé ati.+

  • Yosua 14:6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 6 Terus, wong-wong lanang saka Yéhuda marani Yosua ing Gilgal.+ Kalèb+ anaké Yéfuné wong Kénaz kandha marang Yosua, ”Kowé ngerti tenan sing diomongké Yéhuwah+ ing Kadès-barnéa+ marang Musa abdiné Gusti Allah sing bener kuwi+ soal aku lan kowé.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim