PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Wilangan 18:21
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 21 ”Aku wis mènèhké sepersepuluh+ bagéan saka duwèké wong Israèl marang wong Lèwi lan kuwi bakal dadi warisané wong Lèwi lan dadi upahé kanggo gawéan sing ditindakké wong-wong kuwi yaiku nglayani ing kémah pertemuan.

  • Pangandharing Torèt 14:27
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 27 Kowé kudu nggatèkké wong Lèwi sing ana ing kutha-kuthamu,+ merga wong-wong kuwi ora dikèki warisan kaya kowé.+

  • 2 Babad 31:4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 4 Sakliyané kuwi, Hizkia mréntahké penduduk Yérusalèm kanggo mènèhi jatahé para imam lan wong Lèwi,+ supaya para imam lan wong Lèwi isa fokus nindakké hukumé Yéhuwah.

  • Néhémia 10:38, 39
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 38 Para imam keturunané Harun kudu ana bareng karo wong Lèwi pas wong Lèwi nglumpukké sepersepuluhan mau. Wong Lèwi kudu nggawa sepersepuluh saka sepersepuluhan kuwi menyang omahé Gusti Allahku,+ menyang ruang-ruang* ing gudhang. 39 Wong Israèl lan keturunan Lèwi kudu nggawa persembahan+ biji-bijian, anggur anyar, lan minyak+ menyang gudhang-gudhang* kuwi. Ing kono, ana peralatan kanggo panggonan suci. Ing kono ya ana para imam sing nglayani, para penjaga gerbang, lan para penyanyi. Aku bakal terus nggatèkké omahé Gusti Allahku.+

  • Maléakhi 3:8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 8 ”Apa ana manungsa sing ngrampok Gusti Allah? Ning kowé ngrampok Aku.”

      Terus kowé takon, ”Kok isa aku ngrampok Njenengan?”

      ”Kuwi merga kowé ora mènèhi sepersepuluhan lan sumbangan.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim