-
Pangentasan 15:14-16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 Bangsa-bangsa sing krungu+ soal kuwi bakal ndredheg merga wedi.
Penduduk Filistia bakal sedhih banget.
15 Wektu kuwi, kepala sukuné Édom bakal kewedèn,
Lan para pemimpiné Moab+ sing kuwat bakal ndredheg merga wedi.
Kabèh penduduk Kanaan bakal wedi banget.+
16 Wong-wong kuwi bakal dadi wedi banget.+
-
-
Yosua 2:9-11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
9 Dhèwèké kandha, ”Aku yakin nèk Yéhuwah bakal mènèhké tanah iki marang kowé.+ Kabèh wong ing kéné padha wedi karo kowé.+ Kabèh penduduk ing kéné ndredheg merga kowé,+ 10 sebab wis padha krungu nèk Yéhuwah ngasatké Laut Merah ing ngarepmu wektu kowé metu saka Mesir.+ Kabèh wong ing kéné ya krungu nèk kowé wis matèni rajané wong Amori sing ana ing sabrangé* Kali Yordan, yaiku Sihon+ lan Og.+ 11 Wektu krungu kuwi, kabèh wong ing kéné dadi wedi lan ora ana sing wani ngadhepi kowé merga Yéhuwah Gusti Allahmu kuwi Gusti Allah sing nguwasani langit lan bumi.+
-