-
Kaimaman 26:14-17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 ”’Ning, nèk kowé ora ngrungokké Aku lan ora nindakké kabèh préntah iki,+ 15 nèk kowé nolak peraturan-Ku+ lan sengit karo hukum-Ku nganti kowé ora nindakké préntah-Ku lan nglanggar perjanjian-Ku,+ 16 Aku bakal nindakké iki: Aku bakal nggawé kowé sengsara merga tuberkulosis lan demam tinggi. Mripatmu bakal rabun, lan kowé bakal kentèkan tenaga. Kowé bakal nyebar benih ning ora ana hasilé merga hasilé bakal dipangan mungsuh-mungsuhmu.+ 17 Aku bakal nolak kowé, lan kowé bakal dikalahké mungsuh-mungsuhmu.+ Kowé bakal diidak-idak wong-wong sing sengit karo kowé.+ Saking wediné, kowé bakal mlayu senajan ora ana sing ngoyak.*+
-
-
Pangandharing Torèt 28:15Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 ”Ning, nèk kowé ora ngrungokké omongané Yéhuwah Gusti Allahmu lan ora nindakké préntah lan peraturané sing tak omongké marang kowé dina iki, kowé mesthi bakal kena kabèh kutukan iki:+
-
-
Pangandharing Torèt 28:63Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
63 ”Kaya Yéhuwah seneng banget nggawé kowé makmur lan nggawé keturunanmu saya akèh, Yéhuwah ya bakal seneng banget nyingkirké lan matèni kowé. Kowé bakal diusir saka tanah sing bakal mbok enggoni.
-