PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Wilangan 3:10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Kowé kudu nglantik Harun lan anak-anaké lanang kanggo nindakké tugas dadi imam.+ Wong sing nyedhak ing panggonan suci padahal dhèwèké dudu imam* kudu dipatèni.”+

  • Pangandharing Torèt 12:11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 Kowé kudu nggawa kabèh sing tak préntahké menyang panggonan sing dipilih Yéhuwah Gusti Allahmu kanggo mulyakké jenengé,+ yaiku persembahan bakaran, korban, sepersepuluhan,+ sumbangan, lan kabèh persembahan merga nggawé janji marang Yéhuwah.

  • Pangandharing Torèt 12:13
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 13 Aja nganti kowé mènèhké persembahan bakaran ing panggonan liyané sing mbok senengi.+

  • 2 Babad 13:8, 9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 8 ”Saiki kowé rumangsa kuwat ngadhepi kerajaané Yéhuwah sing ana ing tangané anak-anaké lanang Daud merga kowé nduwé pasukan sing akèh lan nduwé anak-anak sapi saka emas sing digawé Yéroboam dadi allahmu.+ 9 Imam-imamé Yéhuwah,+ keturunané Harun, lan wong-wong Lèwi padha mbok usir, terus kowé nglantik imam-imammu dhéwé kaya bangsa-bangsa negara liya.+ Malah, sapa waé sing teka karo nggawa sapi lanang enom lan domba lanang pitu isa mbok dadèkké imam kanggo brahala-brahala sing sakjané dudu allah.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim