-
Para Hakim 16:23Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
23 Bar kuwi, para penguasa Filistin ngumpul bareng arep pésta lan mènèhké korban sing akèh banget marang Dagon+ déwané. Wong Filistin kandha, ”Déwané awaké dhéwé wis nggawé awaké dhéwé menang nglawan Simson mungsuhé awaké dhéwé.”
-
-
1 Babad 10:8-10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 Sésuké, wektu njarah barang-barangé prajurit sing wis mati, wong Filistin ndelok nèk Saul lan anak-anaké lanang wis mati ing Gunung Gilboa.+ 9 Mula, wong Filistin njupuk klambi perangé Saul, terus njupuk sirahé Saul lan senjatané. Wong Filistin ngirim utusan menyang kabèh dhaérah ing Filistin bèn nyebarké kabar kuwi ing kuil-kuil brahala+ lan kabèh rakyat. 10 Terus, wong Filistin ndèlèhké senjatané Saul ing kuilé déwané wong-wong kuwi lan maku sirahé Saul ing kuil Dagon.+
-