-
Wilangan 4:15Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 ”Pas bangsa Israèl arep mangkat, Harun lan anak-anaké lanang kudu wis nutupi kabèh barang ing panggonan suci+ lan perlengkapané. Terus, kabèh wong lanang keturunané Kohat bakal mlebu kanggo ngusung kuwi.+ Ning, wong-wong kuwi ora éntuk ndemèk kabèh barang ing panggonan suci bèn ora mati.+ Kuwi tugasé kabèh wong lanang keturunané Kohat ing kémah pertemuan.
-
-
Yosua 3:3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 lan mréntahké wong Israèl, ”Nèk kowé ndelok pethi perjanjiané Yéhuwah Gusti Allahmu diusung karo para imam Lèwi,+ kowé kudu ndang mangkat lan ngetutké kuwi.
-
-
1 Babad 15:2Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
2 Pas kuwi Daud kandha, ”Ora ana sing éntuk nggawa Pethiné Gusti Allah sing bener, kecuali wong Lèwi. Yéhuwah wis milih wong-wong kuwi kanggo nggawa Pethiné Yéhuwah lan kanggo nglayani Dhèwèké sakterusé.”+
-
-
1 Babad 15:15Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Wong Lèwi ngusung Pethiné Gusti Allah sing bener nganggo tongkat sing didèlèhké ing pundhaké,+ kaya sing dipréntahké Musa sesuai karo omongané Yéhuwah.
-