PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Samuèl 5:2
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 2 Pas Saul isih dadi raja, njenengan sing mimpin Israèl maju perang.*+ Yéhuwah ngandhani njenengan, ’Kowé bakal angon umat-Ku Israèl lan dadi pemimpiné Israèl.’”+

  • 1 Babad 17:7-10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 7 ”Kowé kudu ngomong ngéné marang abdi-Ku Daud, ’Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, ”Aku ngundang* kowé saka padhang rumput wektu kowé lagi nggiring ternak-ternakmu, terus kowé Tak dadèkké pemimpiné umat-Ku Israèl.+ 8 Aku bakal ndhukung kowé ing endi waé kowé lunga.+ Aku bakal nyingkirké kabèh mungsuhmu saka ngarepmu.+ Aku bakal nggawé jenengmu terkenal kaya wong-wong sing terkenal ing donya.+ 9 Aku bakal nyiapké panggonan kanggo umat-Ku Israèl. Wong-wong kuwi bakal manggon ing kono lan ora bakal diganggu. Wong jahat ya ora bakal nindhes manèh kaya mbiyèn+ 10 kèt Aku nglantik hakim-hakim kanggo umat-Ku Israèl.+ Aku ya bakal ngalahké kabèh mungsuhmu.+ Sakliyané kuwi, Aku kandha marang kowé, ’Yéhuwah bakal nggawé keluargamu dadi keturunané raja.’*

  • 1 Babad 28:4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 4 Senajan ngono, saka kabèh keluargané bapakku, Yéhuwah Gusti Allahé Israèl milih aku dadi raja Israèl saklawasé.+ Gusti Allah milih Yéhuda kanggo dadi pemimpin,+ lan saka keturunané Yéhuda, Gusti Allah milih keluargané bapakku.+ Terus, saka antarané anak-anaké lanang bapakku, aku sing dipilih dadi raja kanggo mréntah Israèl.+

  • Mazmur 78:70, 71
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 70 Dhèwèké milih Daud+ dadi abdiné.

      Daud dipilih saka antarané kandhang domba,+

      71 Saka antarané panggonané domba wédok sing lagi nyusoni.

      Dhèwèké milih Daud dadi gembalané Yakub+

      Lan gembalané Israèl umaté.*+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim