PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 1 Samuèl 16:11, 12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 Akhiré, Samuèl takon marang Isai, ”Apa mung iki anak-anakmu?” Isai njawab, ”Isih ana sing terakhir.+ Dhèwèké lagi angon domba.”+ Terus Samuèl kandha, ”Undangen* mréné, merga awaké dhéwé ora bakal mangan sakdurungé dhèwèké teka.” 12 Mula, Isai ngongkon wong ngundang* anaké kuwi. Anak kuwi isih enom, mripaté apik, lan wajahé nggantheng.+ Terus Yéhuwah kandha, ”Ya iki wongé. Kowé kudu nglantik dhèwèké.”+

  • 1 Samuèl 17:15
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 Daud kerep mulih ing Bètlehèm merga arep angon domba-dombané+ bapaké.

  • 1 Samuèl 25:30
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 30 Sakwisé Yéhuwah nindakké kabèh sing apik sing Dhèwèké janjèkké marang njenengan lan nglantik njenengan dadi pemimpiné Israèl,+

  • 2 Samuèl 7:8-11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 8 Kowé kudu ngomong ngéné marang abdi-Ku Daud, ’Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, ”Aku ngundang* kowé saka padhang rumput wektu kowé lagi nggiring ternak-ternakmu,+ terus kowé Tak dadèkké pemimpiné umat-Ku Israèl.+ 9 Aku bakal ndhukung kowé ing endi waé kowé lunga.+ Aku bakal nyingkirké kabèh mungsuhmu.*+ Aku bakal nggawé jenengmu+ terkenal kaya wong-wong sing terkenal ing donya. 10 Aku bakal nyiapké panggonan kanggo umat-Ku Israèl. Wong-wong kuwi bakal manggon ing kono lan ora bakal diganggu. Wong jahat ya ora bakal nindhes manèh kaya mbiyèn+ 11 wektu Aku nglantik hakim-hakim+ kanggo umat-Ku Israèl. Aku bakal nggawé uripmu tentrem, bébas saka kabèh mungsuhmu.+

      ”’”Yéhuwah ya wis ngandhani kowé nèk Yéhuwah bakal nggawé keluargamu dadi keturunané raja.*+

  • Mazmur 78:70, 71
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 70 Dhèwèké milih Daud+ dadi abdiné.

      Daud dipilih saka antarané kandhang domba,+

      71 Saka antarané panggonané domba wédok sing lagi nyusoni.

      Dhèwèké milih Daud dadi gembalané Yakub+

      Lan gembalané Israèl umaté.*+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim