PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 1 Babad 17:16-22
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 16 Bar kuwi, Raja Daud mlebu lan lungguh ing ngarepé Yéhuwah terus kandha, ”Oh Gusti Allah Yéhuwah, aku iki sapa, ta? Sapa keluargaku iki, kok nganti Njenengan nindakké kabèh iki kanggo aku?+ 17 Malah ora mung kuwi, oh Gusti Allah, Njenengan ya wis ngomong nèk keturunané* abdi-Mu iki bakal terus ana nganti sukmbèn,+ lan Njenengan ya wis nganggep aku dadi wong sing pantes diluhurké,* oh Gusti Allah Yéhuwah. 18 Kanggo kehormatan sing wis tak tampa, apa manèh sing isa tak omongké marang Njenengan, merga Njenengan wis kenal tenan karo aku?+ 19 Oh Yéhuwah, Njenengan wis nindakké kabèh sing hébat iki lan nyingkapké kehébatané Njenengan kuwi kanggo abdi-Mu, lan kuwi sesuai karo karepé Njenengan.+ 20 Oh Yéhuwah, ora ana sing kaya Njenengan,+ lan ora ana Gusti Allah liya sakliyané Njenengan.+ Aku kabèh diyakinké saka apa sing padha tak rungokké. 21 Apa ana bangsa liyané ing bumi sing kaya Israèl, umat-Mu?+ Gusti Allah sing bener wis tumindak lan nebus wong-wong kuwi bèn dadi umaté+ lan nggawé jenengé dikenal liwat tumindaké sing hébat lan luar biasa.+ Gusti Allah ya ngusir bangsa-bangsa saka ngarepé umaté+ sing wis ditebus saka Mesir. 22 Njenengan nggawé bangsa Israèl dadi umat-Mu kanggo saklawasé,+ lan Njenengan, Yéhuwah, dadi Gusti Allahé wong-wong kuwi.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim