18 Salah siji pembantuné kandha, ”Aku tau weruh anaké Isai wong Bètlehèm main harpané apik banget. Dhèwèké ya kendel, prajurit sing hébat.+ Carané ngomong nyenengké, wajahé nggantheng,+ lan Yéhuwah ndhukung dhèwèké.”+
18 Kabèh abdiné Raja, termasuk wong Khèrèti lan wong Pèlèti,*+ lunga bareng karo Raja. Saka Gat,+ ana 600 wong Gat+ sing wis ngetutké Raja. Raja ngecèk wong-wong kuwi pas wong-wong kuwi liwat ing ngarepé.
8 Iki jenengé para prajurité Daud sing hébat:+ Yosyèb-bassyèbèt wong Tahkhémoni. Dhèwèké kuwi pemimpin saka telu prajurit sing hébat.+ Pas perang, dhèwèké tau matèni wong 800 nganggo tombaké.
18 Abisyai+ seduluré Yoab anaké Zéruya+ kuwi pemimpiné telu prajurit sing hébat liyané. Dhèwèké matèni wong 300 nganggo tombaké. Dhèwèké terkenal kaya telu prajurit hébat sing pertama mau.+