-
1 Babad 15:2Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
2 Pas kuwi Daud kandha, ”Ora ana sing éntuk nggawa Pethiné Gusti Allah sing bener, kecuali wong Lèwi. Yéhuwah wis milih wong-wong kuwi kanggo nggawa Pethiné Yéhuwah lan kanggo nglayani Dhèwèké sakterusé.”+
-
-
1 Babad 15:15Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Wong Lèwi ngusung Pethiné Gusti Allah sing bener nganggo tongkat sing didèlèhké ing pundhaké,+ kaya sing dipréntahké Musa sesuai karo omongané Yéhuwah.
-
-
2 Babad 5:4-6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
4 Mula kabèh pemimpin Israèl teka, lan wong Lèwi ngusung Pethiné Gusti Allah.+ 5 Para imam lan wong Lèwi* nggawa Pethi kuwi, kémah pertemuan,+ lan kabèh peralatan suci sing ana ing kémah kuwi. 6 Raja Salomo lan kabèh umat Israèl sing diundang kanggo ngadhep dhèwèké padha ngumpul ing ngarep Pethi kuwi. Ana akèh banget domba lan sapi sing dikorbanké+ nganti jumlahé ora isa diétung.
-