PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangentasan 25:14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 14 Tongkat-tongkat kuwi kudu mbok lebokké ing gelang-gelang sing ana ing sisih kiwa lan tengené Pethi, bèn Pethi kuwi isa mbok usung.

  • Wilangan 4:15
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 ”Pas bangsa Israèl arep mangkat, Harun lan anak-anaké lanang kudu wis nutupi kabèh barang ing panggonan suci+ lan perlengkapané. Terus, kabèh wong lanang keturunané Kohat bakal mlebu kanggo ngusung kuwi.+ Ning, wong-wong kuwi ora éntuk ndemèk kabèh barang ing panggonan suci bèn ora mati.+ Kuwi tugasé kabèh wong lanang keturunané Kohat ing kémah pertemuan.

  • 1 Para Raja 8:3-5
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Mula kabèh pemimpin Israèl teka, lan para imam ngusung pethi.+ 4 Para imam lan wong Lèwi nggawa Pethiné Yéhuwah, kémah pertemuan,+ lan kabèh peralatan suci sing ana ing kémah kuwi. 5 Raja Salomo lan kabèh umat Israèl sing diundang kanggo ngadhep dhèwèké padha ngumpul ing ngarep Pethi kuwi. Ana akèh banget domba lan sapi sing dikorbanké+ nganti jumlahé ora isa diétung.

  • 1 Babad 15:2
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 2 Pas kuwi Daud kandha, ”Ora ana sing éntuk nggawa Pethiné Gusti Allah sing bener, kecuali wong Lèwi. Yéhuwah wis milih wong-wong kuwi kanggo nggawa Pethiné Yéhuwah lan kanggo nglayani Dhèwèké sakterusé.”+

  • 1 Babad 15:15
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 Wong Lèwi ngusung Pethiné Gusti Allah sing bener nganggo tongkat sing didèlèhké ing pundhaké,+ kaya sing dipréntahké Musa sesuai karo omongané Yéhuwah.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim