PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Babad 2:6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 6 Sapa ta sing isa mbangun omah kanggo Dhèwèké? Nèk langit, malah langit sing jembar banget waé ora cukup kanggo Dhèwèké,+ mosok aku isa mbangun omah kanggo Dhèwèké? Aku mung isa mbangun panggonan kanggo nggawé asap korban ing ngarepé.

  • 2 Babad 6:18-21
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 18 ”Apa Gusti Allah tenanan manggon ing bumi bareng karo manungsa?+ Langit, malah langit sing jembar banget waé ora cukup kanggo Njenengan,+ apa manèh omah sing tak bangun iki.+ 19 Oh Yéhuwah Gusti Allahku, gatèkna donga lan apa sing dijaluk abdi-Mu. Rungokna abdi-Mu wektu abdi-Mu njaluk tulung lan ndonga ing ngarep-Mu. 20 Muga-muga awan lan bengi mripaté Njenengan nggatèkké omah iki, panggonan sing Njenengan tau kandha nèk jeneng-Mu bakal ana ing kana,+ kanggo ngrungokké dongané abdi-Mu sing ndonga madhep panggonan iki. 21 Rungokna apa sing dijaluk abdi-Mu lan umat-Mu Israèl wektu wong-wong kuwi ndonga karo madhep panggonan iki.+ Muga-muga Njenengan ngrungokké saka panggonan-Mu ing swarga.+ Muga-muga Njenengan ngrungokké lan ngapura abdi-Mu.+

  • Néhémia 9:6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 6 ”Ora ana Gusti Allah sing kaya Njenengan, oh Yéhuwah.+ Njenengan nggawé langit, malah langit sing paling dhuwur lan sak isiné,* bumi lan sak isiné, karo laut lan sak isiné. Njenengan njaga kabèh tetep urip, lan kabèh sing ana ing langit* padha sujud marang Njenengan.

  • Kisah 17:24
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 24 Gusti Allah sing nyiptakké donya sak isiné kuwi, sing ya dadi Gustiné langit lan bumi,+ ora manggon ing kuil-kuil sing digawé manungsa.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim