-
1 Para Raja 8:27-30Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
27 ”Apa Gusti Allah tenanan manggon ing bumi?+ Langit, malah langit sing jembar banget, ora cukup kanggo Njenengan,+ apa manèh omah sing tak bangun iki!+ 28 Oh Yéhuwah Gusti Allahku, gatèkna donga lan apa sing dijaluk abdi-Mu iki. Rungokna wektu abdi-Mu njaluk tulung lan ndonga ing ngarep-Mu dina iki. 29 Muga-muga awan lan bengi Njenengan nggatèkké omah iki, panggonan sing Njenengan tau kandha, ’Jeneng-Ku bakal ana ing kana,’+ kanggo ngrungokké dongané abdi-Mu sing ndonga madhep panggonan iki.+ 30 Rungokna apa sing dijaluk abdi-Mu iki lan umat-Mu Israèl wektu wong-wong kuwi ndonga karo madhep panggonan iki. Muga-muga Njenengan ngrungokké saka panggonan-Mu ing swarga.+ Muga-muga Njenengan ngrungokké lan ngapura.+
-