-
Rut 1:16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
16 Ning Rut kandha, ”Bu, aja ngongkon aku ninggalké njenengan utawa ngongkon aku ora ngancani njenengan. Merga menyang endi njenengan lunga, aku bakal mèlu. Ing endi njenengan nginep, aku ya bakal nginep ing kono. Bangsané Ibu bakal dadi bangsaku, lan Gusti Allahé Ibu ya dadi Gusti Allahku.+
-
-
2 Babad 6:32, 33Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
32 ”Nèk wong asing sing dudu bagéan saka umat-Mu Israèl teka saka panggonan sing adoh merga jeneng-Mu sing luhur,*+ kuwasa-Mu sing gedhé lan kekuwatan-Mu, terus wong kuwi teka lan ndonga karo madhep omah iki,+ 33 muga-muga Njenengan ngrungokké saka panggonan-Mu ing swarga lan nindakké kabèh sing dijaluk wong asing kuwi, supaya kabèh bangsa ing bumi ngerti jeneng-Mu+ lan wedi marang Njenengan, kaya umat-Mu Israèl, lan supaya wong-wong kuwi ngerti nèk jeneng-Mu ana ing omah sing wis tak bangun iki.
-
-
Yésaya 56:6, 7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 Wong asing sing ngibadah lan ngabdi marang Yéhuwah,
Sing sayang karo Yéhuwah lan jenengé,+
Sing gelem dadi abdi-Ku,
Sing ngrayakké Sabat lan ora nglanggar hukum soal dina Sabat,
Sing manut karo perjanjian-Ku,
7 Bakal Tak gawa ing gunung-Ku sing suci+
Lan Tak gawé seneng ing omah-Ku sing dienggo ndonga.
Kabèh persembahan bakaran lan korban sing diwènèhké wong kuwi bakal Tak tampa ing mézbah-Ku,
Merga omah-Ku bakal disebut omah sing dienggo ndonga wong-wong saka kabèh bangsa.”+
-