PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Samuèl 7:8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 8 Kowé kudu ngomong ngéné marang abdi-Ku Daud, ’Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, ”Aku ngundang* kowé saka padhang rumput wektu kowé lagi nggiring ternak-ternakmu,+ terus kowé Tak dadèkké pemimpiné umat-Ku Israèl.+

  • 2 Samuèl 7:12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Pas kowé mati+ kaya nènèk moyangmu, Aku bakal nggawé keturunanmu,* yaiku anakmu lanang,* dadi raja. Aku ya bakal nggawé dhèwèké terus mréntah.+

  • Mazmur 89:33-37
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 33 Ning, Aku bakal terus nresnani* Daud+

      Lan nepati janji-Ku.

      34 Aku ora bakal nglanggar perjanjian-Ku,+

      Lan sing wis Tak omongké ora bakal Tak ubah.+

      35 Aku, Sing Mahasuci, wis nggawé sumpah kanggo sakterusé.

      Aku ora bakal ngapusi Daud.+

      36 Keturunané* bakal ana saklawasé.+

      Kerajaané* bakal tetep ana, kaya matahari sing ana nganti saklawasé.+

      37 Kerajaané bakal ana sakterusé,

      Kaya bulan sing terus ana* ing langit.” (Sela)

  • Yésaya 37:35
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 35 ’Aku bakal mbéla+ lan nylametké kutha iki kanggo kepentingan-Ku+

      Lan kanggo kepentingané Daud abdi-Ku.’”+

  • Yérémia 33:20, 21
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 20 ”Iki sing diomongké Yéhuwah: ’Aku wis nggawé perjanjian karo awan lan bengi, mula awan lan bengi mesthi teka pas wektuné. Nèk nganti kowé isa mbatalké perjanjian kuwi,+ 21 berarti perjanjian-Ku karo abdi-Ku Daud ya isa dibatalké.+ Nèk nganti kuwi kelakon, Daud ora bakal nduwé anak sing mréntah dadi raja ing takhtané,+ lan perjanjian-Ku karo abdi-abdi-Ku,+ yaiku para imam Lèwi, ya bakal dibatalké.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim