PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Purwaning Dumadi 49:10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Tongkat kerajaan ora bakal dijupuk saka Yéhuda,+ lan tongkat pamréntahan ana ing antarané sikilé, nganti Syilo* teka,+ lan kabèh wong bakal manut karo dhèwèké.*+

  • 1 Para Raja 8:20
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 20 Yéhuwah wis nepati janjiné kuwi, merga aku wis lungguh ing takhta Israèl nggantèni Daud bapakku, kaya janjiné Yéhuwah. Aku ya wis mbangun omah kanggo jenengé Yéhuwah Gusti Allahé Israèl,+

  • 1 Babad 17:11-14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 ”’”Pas kowé mati kaya nènèk moyangmu, Aku bakal ngangkat keturunanmu,* salah siji anakmu lanang,+ lan Aku ya bakal nggawé dhèwèké terus mréntah.+ 12 Dhèwèké sing bakal mbangun omah kanggo Aku,+ lan Aku bakal nggawé dhèwèké mréntah nganti saklawasé.+ 13 Aku bakal dadi Bapaké, lan dhèwèké bakal dadi anak-Ku.+ Aku ora bakal nyingkirké katresnan-Ku* saka dhèwèké,+ ora kaya Aku wis nyingkirké katresnan-Ku saka wong sing sakdurungé kowé.+ 14 Aku bakal nggawé dhèwèké ngadeg ing omah-Ku lan ing kerajaan-Ku saklawasé,+ lan takhtané bakal ana nganti saklawasé.”’”+

  • Mazmur 132:11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 Yéhuwah wis nggawé sumpah marang Daud.

      Dhèwèké mesthi bakal nepati sumpah iki,

      ”Salah siji keturunanmu

      Bakal Tak lungguhké ing takhtamu.+

  • Yésaya 9:7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  7 Kuwasané bakal saya gedhé,

      Lan pamréntahané bakal terus nggawé rukun lan tentrem.+

      Dhèwèké bakal dadi raja kaya Daud,+

      Lan kerajaané bakal saya kuwat lan bakal ana sakterusé,+

      Merga dhèwèké bener+ lan adil+

      Saka saiki nganti saklawasé.

      Yéhuwah pemimpiné pasukan péngin banget nindakké kuwi.

  • Yésaya 11:1
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 Ana cabang+ sing bakal metu saka bonggolé Isai,+

      Lan tunas sing thukul+ saka akaré bakal metu buahé.

  • Matius 21:9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 Sakliyané kuwi, ana akèh wong sing mlaku ing ngarep lan mburiné Yésus. Wong-wong kuwi mbengok, ”Oh Gusti Allah, tulung Njenengan nglindhungi Anaké Daud.+ Muga-muga sing teka nganggo jeneng Yéhuwah* diberkahi.+ Oh Gusti Allah ing swarga, tulung Njenengan nglindhungi dhèwèké.”+

  • Matius 22:42
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 42 ”Apa pendapatmu soal Kristus? Dhèwèké kuwi keturunané sapa?” Wong-wong kuwi njawab, ”Daud.”+

  • Lukas 1:32, 33
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 32 Dhèwèké bakal dadi wong sing penting+ lan bakal disebut Anaké Sing Mahaluhur.+ Gusti Allah Yéhuwah* bakal nggawé dhèwèké dadi raja kaya Daud nènèk moyangé.*+ 33 Dhèwèké bakal dadi rajané keturunané Yakub nganti saklawasé, lan pamréntahané* bakal ana sakterusé.”+

  • Yohanes 7:42
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 42 Kitab Suci kan kandha nèk Kristus kuwi keturunané Daud+ lan asalé saka Bètlehèm,+ yaiku désa asalé Daud.”+

  • Kisah 2:30
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 30 Daud kuwi nabi lan dhèwèké ngerti nèk Gusti Allah wis nggawé sumpah marang dhèwèké nèk salah siji keturunané bakal lungguh ing takhtané.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim