-
2 Samuèl 7:12-17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
12 Pas kowé mati+ kaya nènèk moyangmu, Aku bakal nggawé keturunanmu,* yaiku anakmu lanang,* dadi raja. Aku ya bakal nggawé dhèwèké terus mréntah.+ 13 Dhèwèké sing bakal mbangun omah kanggo jeneng-Ku,+ lan Aku bakal nggawé dhèwèké mréntah nganti saklawasé.+ 14 Aku bakal dadi Bapaké, lan dhèwèké bakal dadi anak-Ku.+ Nèk dhèwèké nggawé salah, dhèwèké bakal Tak élikké.* Dhèwèké ya bakal Tak gebug kaya bapak nggebug anaké.+ 15 Aku bakal terus nresnani* dhèwèké. Kuwi ora kaya katresnanku marang Saul.+ Mbiyèn Aku nresnani Saul, ning saiki ora. Saul wis Tak singkirké. 16 Keturunanmu* lan kerajaanmu bakal terus ana nganti saklawasé. Kowé bakal terus mréntah nganti saklawasé.”’”+
17 Natan ngandhani Daud soal kabèh omongan lan wahyu kuwi.+
-
-
1 Para Raja 9:5Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
5 Aku bakal nggawé takhta kerajaanmu ing Israèl kukuh nganti saklawasé, kaya janji-Ku marang Daud bapakmu, yaiku, ’Keturunanmu bakal terus lungguh ing takhtané Israèl.’+
-