PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 1 Para Raja 16:33
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 33 Ahab ya mbangun cagak suci.*+ Ahab nindakké luwih akèh kejahatan sing nglarani atiné Yéhuwah Gusti Allahé Israèl timbang kabèh raja Israèl sakdurungé dhèwèké.

  • 1 Para Raja 21:4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 4 Terus, Ahab mulih menyang istanané karo jèngkèl lan gela, merga Nabot wong Yizréèl kuwi kandha, ”Aku ora bakal mènèhké warisané nènèk moyangku marang njenengan.” Ahab nggléthak ing kasuré karo madhep témbok, lan dhèwèké ora gelem mangan.

  • 1 Para Raja 21:20-22
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 20 Ahab kandha marang Èlia, ”Dadi, kowé wis nemokké aku, mungsuhku!”+ Èlia njawab, ”Ya, aku wis nemokké kowé. Gusti Allah kandha, ’Merga kowé nduwé tékad* kanggo nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah,+ 21 Aku bakal nggawé kowé kena bencana. Aku bakal nyingkirké lan matèni saben wong lanang*+ ing keluargané Ahab, termasuk wong sing paling rendhah lan tanpa daya ing Israèl.+ 22 Aku ya bakal nggawé keluargamu kaya keluargané Yéroboam+ anaké Nébat lan kaya keluargané Baasya+ anaké Ahiya, merga kowé wis nggawé Aku nesu lan nyebabké Israèl nglakoni dosa.’

  • 2 Para Raja 10:1
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Ahab+ nduwé anak lanang 70 ing Samaria. Mula, Yéhu ngirim surat menyang Samaria, yaiku marang para pejabat ing Yizréèl, para pemimpin,*+ lan para penjaga anak-anaké Ahab.* Isiné:

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim