PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 1 Para Raja 21:19-24
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 19 Kandhanana dhèwèké, ’Yéhuwah ngomong ngéné, ”Apa kowé wis matèni wong+ lan ngepèk tanahé?”’+ Omonga manèh, ’Yéhuwah ngomong ngéné, ”Ing panggonan asu ndilati getihé Nabot, ya ing kono kuwi asu bakal ndilati getihmu.”’”+

      20 Ahab kandha marang Èlia, ”Dadi, kowé wis nemokké aku, mungsuhku!”+ Èlia njawab, ”Ya, aku wis nemokké kowé. Gusti Allah kandha, ’Merga kowé nduwé tékad* kanggo nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah,+ 21 Aku bakal nggawé kowé kena bencana. Aku bakal nyingkirké lan matèni saben wong lanang*+ ing keluargané Ahab, termasuk wong sing paling rendhah lan tanpa daya ing Israèl.+ 22 Aku ya bakal nggawé keluargamu kaya keluargané Yéroboam+ anaké Nébat lan kaya keluargané Baasya+ anaké Ahiya, merga kowé wis nggawé Aku nesu lan nyebabké Israèl nglakoni dosa.’ 23 Sakliyané kuwi, Yéhuwah kandha ngéné soal Izebèl, ’Izebèl bakal dipangan asu-asu ing salah siji ladhang ing Yizréèl.+ 24 Keluargané Ahab sing mati ing kutha bakal dipangan asu nganti entèk, lan keluargané Ahab sing mati ing njaba kutha bakal dipangan manuk-manuk ing langit nganti entèk.+

  • 2 Para Raja 9:7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 7 Kowé kudu matèni keluargané Ahab majikanmu, lan Aku bakal mbales getihé para nabi-Ku lan kabèh abdiné Yéhuwah liyané sing wis dipatèni Izebèl.+

  • 2 Para Raja 9:36
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 36 Wektu wong-wong kuwi bali lan ngandhani Yéhu, Yéhu kandha, ”Iki berarti omongané Yéhuwah+ sing disampèkké liwat abdiné, yaiku Èlia wong Tisbé, bener-bener kelakon, ’Ing ladhang ing Yizréèl, asu-asu bakal mangan dagingé Izebèl.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim