PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Babad 26:16-21
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 16 Ning sakwisé dhèwèké dadi kuwat, dhèwèké dadi sombong. Kuwi sing nggawé dhèwèké cilaka. Dhèwèké nindakké dosa marang Yéhuwah Gusti Allahé wektu mlebu ing baité Yéhuwah kanggo mbakar dupa ing mézbah dupa.+ 17 Imam Azaria lan 80 imamé Yéhuwah sing kendel langsung mlebu ngetutké dhèwèké. 18 Para imam kuwi marani Raja Uzzia lan kandha, ”Uzzia, kowé ora pantes mbakar dupa kanggo Yéhuwah.+ Mung para imam sing éntuk mbakar dupa, merga para imam kuwi keturunané Harun,+ yaiku wong-wong sing wis disucèkké. Metua saka panggonan suci iki, merga kowé wis ora setya. Kowé ya ora bakal nampa kemuliaan saka Yéhuwah merga nindakké iki.”

      19 Ning, Uzzia sing lagi nyekel wadhah dupa kanggo mbakar dupa malah nesu banget.+ Pas dhèwèké lagi nyenèni para imam ing cedhak mézbah dupa ing omahé Yéhuwah, kusta+ metu ing bathuké ing ngarepé para imam. 20 Pas imam kepala Azaria lan kabèh imam ndelok dhèwèké, kabèh imam kuwi ndelok nèk dhèwèké kena kusta ing bathuké. Mula, para imam kuwi cepet-cepet nggawa Uzzia metu. Uzzia ya cepet-cepet metu saka kono, merga Yéhuwah ngukum dhèwèké.

      21 Raja Uzzia terus sengsara merga kusta kuwi nganti dhèwèké mati. Dhèwèké terus manggon ing salah siji omah sing kepisah karo liyané merga dhèwèké lara kusta.+ Dhèwèké ya ora éntuk mlebu ing omahé Yéhuwah manèh. Yotam anaké ngawasi istana lan dadi hakimé rakyat ing tanah kuwi.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim