-
2 Babad 36:13Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
13 Dhèwèké ya mbrontak nglawan Raja Nébukhadnézar,+ sing wis nggawé dhèwèké sumpah demi Gusti Allah. Dhèwèké ndableg, ora gelem dikandhani, lan ora gelem manut marang Yéhuwah Gusti Allahé Israèl.
-
-
Yérémia 38:17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
17 Terus Yérémia kandha marang Zédékia, ”Iki sing diomongké Yéhuwah, Gusti Allah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl: ’Nèk kowé nyerah marang para pejabaté raja Babilon, kowé bakal slamet lan kutha iki ora bakal diobong nganti entèk. Kowé lan keluargamu bakal slamet.+
-
-
Yèhèzkièl 17:12-15Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
12 ”Tulung kandhanana bangsa sing seneng mbrontak kuwi, ’Kowé ngerti apa ora maksudé kuwi kabèh?’ Ngomonga ngéné, ’Raja Babilon teka menyang Yérusalèm, terus nangkep raja lan para pejabaté. Dhèwèké nggawa wong-wong kuwi menyang Babilon.+ 13 Sakliyané kuwi, raja Babilon njupuk salah siji keturunané*+ raja, nggawé perjanjian karo wong kuwi, lan ngongkon wong kuwi sumpah.+ Wong-wong penting ing tanah kuwi ya digawa lunga,+ 14 supaya bangsa kuwi direndhahké lan ora nduwé kekuwatan manèh. Bangsa kuwi isa terus ana mung nèk padha manut karo perjanjiané.+ 15 Ning, raja Yéhuda mbrontak nglawan raja Babilon.+ Raja Yéhuda ngirim utusan menyang Mesir kanggo njaluk jaran+ lan pasukan sing gedhé.+ Apa dhèwèké bakal berhasil? Apa wong sing nindakké kuwi kabèh ora bakal dihukum? Mosok dhèwèké ora dihukum padahal wis nglanggar perjanjian?’+
-