-
2 Para Raja 24:18-20Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
18 Pas mréntah dadi raja, Zédékia umuré 21 taun lan mréntah suwéné 11 taun ing Yérusalèm. Ibuné jenengé Hamutal+ anaké Yérémia saka Libna. 19 Zédékia terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah, kaya sing ditindakké Yéhoyakim.+ 20 Kuwi kelakon merga Yéhuwah nesu banget marang Yérusalèm lan Yéhuda nganti wong-wong kuwi disingkirké saka ngarepé.+ Akhiré, Zédékia mbrontak nglawan raja Babilon.+
-
-
Yérémia 52:1-3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
52 Pas mréntah dadi raja, Zédékia+ umuré 21 taun lan mréntah suwéné 11 taun ing Yérusalèm. Ibuné jenengé Hamutal+ anaké Yérémia saka Libna. 2 Zédékia terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah, kaya sing ditindakké Yéhoyakim.+ 3 Yéhuwah nesu banget marang Yérusalèm lan Yéhuda, nganti wong-wong kuwi disingkirké saka ngarepé.+ Akhiré, Zédékia mbrontak nglawan raja Babilon.+
-