-
Yérémia 21:4Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
4 ’Iki sing diomongké Yéhuwah Gusti Allahé Israèl: ”Senjata perang sing lagi mbok cekel kanggo nglawan raja Babilon+ lan wong Khaldéa sing ngepung kowé ing njaba témbok bakal Tak gunakké kanggo nyerang kowé dhéwé. Kabèh bakal Tak klumpukké ing tengah-tengah kutha iki.
-
-
Yérémia 39:2Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
2 Ing taun ke-11 pamréntahané Zédékia, ing sasi kepapat, dina kesanga, témbok kutha kuwi berhasil ditrobos.+
-
-
Yérémia 39:4-7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
4 Bar ngerti kuwi, Zédékia raja Yéhuda lan kabèh prajurité padha mlayu+ lan metu saka kutha pas bengi-bengi liwat taman raja, ngliwati gerbang sing ana ing antarané témbok lapis loro. Terus, wong-wong kuwi mlayu menyang arah Araba.+ 5 Ning, pasukan Khaldéa ngoyak* wong-wong kuwi lan isa nututi Zédékia ing Padhang Gurun Yérikho.+ Terus, Zédékia ditangkep lan digawa marang Nébukhadnézar* raja Babilon, ing Ribla+ ing dhaérah Hamat.+ Ing kana, Raja ngukum Zédékia. 6 Ing Ribla, raja Babilon matèni anak-anaké lanang Zédékia ing ngarepé Zédékia. Raja Babilon matèni kabèh bangsawan Yéhuda.+ 7 Raja Babilon nggawé mripaté Zédékia dadi wuta, terus nalèni sikilé lan tangané nganggo ranté tembaga, lan nggawa dhèwèké menyang Babilon.+
-