PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Para Raja 25:4-7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 4 témbok kutha kuwi ditrobos.+ Benginé, para prajurit padha mlayu liwat gerbang sing ana ing antarané témbok lapis loro ing cedhak taman raja. Wektu kuwi, wong Khaldéa ngepung kutha, lan Raja mlayu menyang arah Araba.+ 5 Ning, pasukan Khaldéa ngoyak* Zédékia, lan wong-wong kuwi nangkep dhèwèké ing Padhang Gurun Yérikho. Kabèh pasukané Raja padha mencar ninggalké Raja. 6 Bar kuwi, Raja Zédékia ditangkep+ lan digawa marang raja Babilon ing Ribla, terus dihukum. 7 Wong-wong kuwi matèni anak-anaké lanang Zédékia ing ngarepé Zédékia. Terus, Nébukhadnézar nggawé mripaté Zédékia dadi wuta, nalèni sikilé lan tangané nganggo ranté tembaga, lan nggawa dhèwèké menyang Babilon.+

  • Yérémia 52:7-11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 7 témbok kutha kuwi ditrobos. Benginé, para prajurit padha mlayu saka kutha kuwi liwat gerbang sing ana ing antarané témbok lapis loro ing cedhak taman raja. Wektu kuwi, wong Khaldéa ngepung kutha, terus wong-wong kuwi mlayu menyang arah Araba.+ 8 Ning, pasukan Khaldéa ngoyak* Zédékia,+ lan wong-wong kuwi nangkep dhèwèké ing Padhang Gurun Yérikho. Kabèh pasukané Raja padha mencar ninggalké Raja. 9 Bar kuwi, Raja Zédékia ditangkep lan digawa marang raja Babilon ing Ribla ing dhaérah Hamat, terus dihukum. 10 Raja Babilon matèni anak-anaké lanang Zédékia ing ngarepé Zédékia. Dhèwèké ya matèni kabèh pemimpin Yéhuda ing kana, ing Ribla. 11 Terus, Raja Babilon nggawé mripaté Zédékia dadi wuta,+ nalèni sikilé lan tangané nganggo ranté tembaga, lan nggawa dhèwèké menyang Babilon. Zédékia dipenjara ing kono nganti mati.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim