-
2 Para Raja 25:3, 4Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Ing dina kesanga sasi kepapat, pas ana kelaparan sing parah+ ing kutha kuwi lan ora ana panganan kanggo rakyat ing negara kuwi,+ 4 témbok kutha kuwi ditrobos.+ Benginé, para prajurit padha mlayu liwat gerbang sing ana ing antarané témbok lapis loro ing cedhak taman raja. Wektu kuwi, wong Khaldéa ngepung kutha, lan Raja mlayu menyang arah Araba.+
-
-
Yérémia 52:6, 7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 Ing dina kesanga sasi kepapat,+ pas ana kelaparan sing parah ing kutha kuwi lan ora ana panganan kanggo rakyat ing tanah kuwi,+ 7 témbok kutha kuwi ditrobos. Benginé, para prajurit padha mlayu saka kutha kuwi liwat gerbang sing ana ing antarané témbok lapis loro ing cedhak taman raja. Wektu kuwi, wong Khaldéa ngepung kutha, terus wong-wong kuwi mlayu menyang arah Araba.+
-