PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangandharing Torèt 28:53-57
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 53 Merga dikepung lan ditindhes mungsuh-mungsuhmu, kowé dadi susah banget nganti kudu mangan anak-anakmu dhéwé,+ dagingé anakmu lanang lan wédok, yaiku anak-anak sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé.

      54 ”Malah, wong lanang sing paling lembut lan biasa urip pénak ora bakal mesakké karo seduluré, bojoné sing ditresnani, utawa anak-anaké sing isih ana. 55 Merga dikepung lan ditindhes mungsuh-mungsuhmu, dhèwèké bakal susah banget lan ora nduwé apa-apa manèh, mula dhèwèké bakal mangan dagingé anaké dhéwé, lan daging kuwi ora bakal dibagi karo sing liyané.+ 56 Wong wédok sing paling lembut lan biasa urip pénak, sing ora péngin sikilé kena lemah merga saking manjané,+ ora bakal mesakké karo bojoné sing ditresnani utawa karo anaké lanang utawa wédok. 57 Merga dikepung lan ditindhes mungsuh-mungsuhmu, dhèwèké bakal susah banget nganti meneng-meneng mangan anaké sing dilairké lan ari-ari sing metu saka wetengé, lan kuwi ora bakal dibagi karo liyané.

  • 2 Para Raja 25:3-7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Ing dina kesanga sasi kepapat, pas ana kelaparan sing parah+ ing kutha kuwi lan ora ana panganan kanggo rakyat ing negara kuwi,+ 4 témbok kutha kuwi ditrobos.+ Benginé, para prajurit padha mlayu liwat gerbang sing ana ing antarané témbok lapis loro ing cedhak taman raja. Wektu kuwi, wong Khaldéa ngepung kutha, lan Raja mlayu menyang arah Araba.+ 5 Ning, pasukan Khaldéa ngoyak* Zédékia, lan wong-wong kuwi nangkep dhèwèké ing Padhang Gurun Yérikho. Kabèh pasukané Raja padha mencar ninggalké Raja. 6 Bar kuwi, Raja Zédékia ditangkep+ lan digawa marang raja Babilon ing Ribla, terus dihukum. 7 Wong-wong kuwi matèni anak-anaké lanang Zédékia ing ngarepé Zédékia. Terus, Nébukhadnézar nggawé mripaté Zédékia dadi wuta, nalèni sikilé lan tangané nganggo ranté tembaga, lan nggawa dhèwèké menyang Babilon.+

  • Yésaya 3:1
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Gusti sing bener, Yéhuwah pemimpiné pasukan,

      Ora bakal mènèhi sing dibutuhké penduduk Yérusalèm lan Yéhuda,

      Yaiku bahan pangan lan banyu,+

  • Yèhèzkièl 4:16
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 16 Terus Dhèwèké kandha manèh, ”Hé anaké manungsa, persediaan pangan ing Yérusalèm+ bakal Tak kurangi.* Wong-wong kuwi bakal kuwatir banget wektu mangan roti nganti rotiné ditimbang.+ Pas ngombé banyu, wong-wong kuwi bakal wedi kentèkan nganti banyuné kudu diukur.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim