-
1 Para Raja 7:15-22Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Dhèwèké nggawé cagak loro saka tembaga,+ saben cagak dhuwuré 18 hasta. Kelilingé saben cagak kuwi 12 hasta.*+ 16 Dhèwèké ya nggawé loro kepala cagak saka tembaga kanggo didèlèhké ing ndhuwuré cagak-cagak mau. Saben kepala cagak kuwi dhuwuré limang hasta. 17 Ing saben kepala cagak, ana jaring sing digawé saka pitu untaian ranté.+ 18 Dhèwèké nggawé rong baris delima sing dipasang ing sak ubengé jaring mau kanggo hiasan kepala cagak. Cagak sing sijiné ya digawé kaya ngono. 19 Ing kepala cagak sing ana ing serambi kuwi, ana bagéan sing bentuké kembang lili sing dhuwuré patang hasta. 20 Bagéan kuwi ana ing ndhuwuré bagéan bunder sing diubengi jaring mau, yaiku sing ana ing ndhuwuré cagak loro mau. Ana rong baris delima ing saben kepala cagak, sing jumlahé 200 delima.+
21 Dhèwèké ndèlèhké cagak-cagak kuwi ing ngarep serambi bait.*+ Sing siji ing sisih tengen,* lan kuwi dijenengi Yakhin.* Sing sijiné ing sisih kiwa,* lan kuwi dijenengi Boaz.*+ 22 Kepala cagak-cagak kuwi bentuké kembang lili. Cagak-cagak kuwi akhiré rampung digawé.
-
-
2 Babad 4:11-13Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
11 Hiram ya nggawé wadhah awu, sekop-sekop, lan mangkok-mangkok.+
Hiram ngrampungké kabèh gawéan sing ditindakké kanggo Raja Salomo ing omahé Gusti Allah sing bener,+ yaiku 12 tugu loro+ lan kepala-kepala tugu sing bentuké kaya mangkok; jaring loro+ kanggo hiasan kepala tugu loro kuwi; 13 delima 400+ kanggo jaring loro sing dienggo hiasan kepala-kepala tugu+ bentuk mangkok mau, rong baris delima ing saben jaring;
-