-
2 Para Raja 19:14, 15Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 Hizkia nampa surat-surat saka para utusan mau, terus surat-surat kuwi diwaca. Bar kuwi, Hizkia lunga ing omahé Yéhuwah lan mbukak surat-surat kuwi ing ngarepé Yéhuwah.+ 15 Terus Hizkia mulai ndonga+ marang Yéhuwah, ”Oh Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, sing takhtané ana ing ndhuwuré* kerub-kerub,+ mung Njenengan Gusti Allah sing bener ing kabèh kerajaan ing bumi.+ Njenengan sing nggawé langit lan bumi.
-
-
2 Babad 14:11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
11 Bar kuwi, Asa ndonga marang Yéhuwah Gusti Allahé,+ ”Oh Yéhuwah, kanggoné Njenengan ora masalah nulungi wong sing kuwat* utawa ringkih.+ Oh Yéhuwah Gusti Allahku, tulungana aku lan bangsaku merga aku ngendelké Njenengan.+ Aku lan bangsaku ngadhepi pasukan iki nganggo jeneng-Mu.+ Oh Yéhuwah, Njenengan kuwi Gusti Allahku. Aja nganti manungsa menang nglawan Njenengan.”+
-