-
Kaimaman 18:24Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
24 ”’Aja nindakké kuwi kabèh bèn kowé ora najis. Bangsa-bangsa sing arep Tak usir saka ngarepmu nindakké kuwi kabèh, mula wong-wong kuwi najis.+
-
-
Pangandharing Torèt 12:30, 31Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
30 aja nganti kowé mèlu-mèlu tumindaké wong-wong kuwi sakwisé wong-wong kuwi disingkirké saka ngarepmu. Aja takon ngéné soal allah-allahé, ’Biasané, piyé bangsa iki nyembah allah-allahé? Aku péngin mèlu-mèlu.’+ 31 Aja nyembah Yéhuwah Gusti Allahmu kaya carané wong-wong kuwi nyembah allahé, merga Yéhuwah Gusti Allahmu jijik karo tumindak sing kaya ngono, malah wong-wong kuwi ngobong anak-anaké lanang lan wédok kanggo korban marang allah-allahé.+
-
-
Pangandharing Torèt 18:9-11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
9 ”Wektu kowé wis mlebu ing tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé, aja nganti kowé coba-coba niru tumindaké bangsa-bangsa kuwi merga Gusti Allah jijik karo tumindak sing kaya ngono.+ 10 Ing antaramu aja nganti ana wong sing ngobong anaké lanang utawa wédok,+ wong sing ngramal,+ dhukun, wong sing nggunakké ilmu gaib+ kanggo nggolèk tandha,+ ahli ilmu gaib,+ 11 wong sing nggunakké guna-guna marang wong liya, wong sing takon karo dhukun sing ngundang* arwah+ utawa wong sing isa ndelok masa depan,+ lan wong sing takon karo wong mati.+
-