PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Mazmur 49:10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Kabèh wong ngerti nèk wong wicaksana waé ya isa mati.

      Wong bodho lan wong sing ora isa nalar padha-padha mati,+

      Lan hartané bakal dadi duwèké wong liya.+

  • Pengkhotbah 2:18, 19
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 18 Aku dadi sengit karo kabèh kerja kerasku ing ngisoré matahari,+ merga kuwi kudu tak tinggalké kanggo wong sing bakal ana sakwisé aku.+ 19 Sapa sing ngerti wong kuwi bakal wicaksana utawa bodho?+ Embuh wicaksana utawa bodho, wong kuwi bakal tetep nguwasani kabèh sing tak hasilké saka kerja keras lan kawicaksananku ing ngisoré matahari. Iki ya ora ana gunané.

  • Pengkhotbah 4:8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 8 Ana wong sing dhèwèkan, sing ora nduwé kanca. Dhèwèké ora nduwé anak utawa sedulur, ning dhèwèké ora tau mandheg kerja keras. Mripaté ora tau puas ndelok harta sing akèh.+ Tapi apa dhèwèké tau mikir, ‘Aku kerja keras kanggo sapa? Ngapa aku ora gelem seneng-seneng?’+ Iki ya ora ana gunané lan gawéan sing marahi sengsara.+

  • Lukas 12:19, 20
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 19 Dhèwèké ya mikir: ’Saiki, aku kan wis nduwé akèh harta sing isa tak enggo urip nganti pirang-pirang taun. Mula, aku arep santai-santai, mangan, ngombé, lan seneng-seneng.’ 20 Ning, Gusti Allah ngomong ngéné karo wong kuwi, ’Hé wong sing ora masuk akal, bengi iki kowé bakal mati. Terus, kabèh barang sing wis mbok klumpukké kuwi bakal dipèk wong liya.’+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim